Menyang kontèn

Bathik Adhi Purwa Purwareja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bathik Adhi Purwa Purwareja ya iku bathik kang mligi saka Purwareja. Sejarah Batik “Adi Purwo” Purwareja Kabupatèn Purwareja iku salah siji sing wis akèh gawé kain bathik tradhisional utawa bathik kontèmporèr. Awit saka bathik tradhisional utawa bathik klasik Bagelènan tlatah pesisir, bathik Purwareja ngrembaka karo nyampuraké motif bathik klasik lan corak rerenggan kang mligi saka Purwareja. Minangka kabupatèn kang cedhak karo Krajan Mataram Kuna, Purwareja tekan saiki isih nerusaké adhat lan budaya kang diwarisaké déning Krajan Mataram Kuna nalika abad XI, ya iku budaya bathik. Ngrembakané bathik tulis ing Purwareja ya iku budaya kang diwarisaké déning sesepuh, nanging budaya bathik iku biyén kaya mati suri, mula dirembaka manèh taun 2006 karo klompok pangrajin Bathik Laras Ndriyo ing Désa Sumbé Agung kang cacahé sepuluh uwong. Ing désa liya uga ana, ya iku Désa Grabag, Reja Sari, lan Kudu Kulon. Punjering bathik ana ing Kabupatèn Purwareja manggon ing Kacamatan Banyu Urip, Bruna, Purwareja lan Bagelèn.[1]

Bathik Adhi Purwa Purwareja ya iku bathik kang gambaré saka woh-wohan sakiwa tengené Purwareja. Kahanan lan potènsi ing kabupatèn Purwareja iku werna-werna, mula dadi corak bathik kang mligi “Adi Purwo” Purwareja. Potènsi seni lan budaya ditrepaké ing ragam corak, kaya ta tari dolalak lan bedug Purwareja kang paling gedhé sadonya. Potènsi liyané ya iku potènsi tetanèn kang ngasilaké manggis, durèn lan empon-empon, uga ana ingon-ingon wedhus ettawa, lan potènsi indhustri kaya ta panganan klanting, clorot lan gula jawa. Potènsi-potènsi iku kang ndadèkaké corak bathik kang mligi “Adi Purwo” Purwareja. Kang mbédakaké marang bathik liyané ya iku coraké. Bathik tradhisi misuwur kanthi motif secontong, lung kenanga, nam kepang, laras ndriyo, pisang bali, limaran, lung semangka, buntal kampuh, menyan kobar, sidaluhur, sidamukti, parang, kawung lan isih akeh menèh motif tradhisional liyané. Wong kang ngrancang motif bathik “Adi Purwo” yaiku Hèrtanti Hartomo njlentrehaké yèn gagasan iku olèh saka dhèwèké mèlu lomba Karya Batik Nusantara tataran Nasional ing Balai Batik Yogyakarta. Wektu iku dhèwèké njupuk téma “Tradisi lan Modernisasi nuju Identitas”. Wektu iku dhèwèké mènèhi jeneng “Pesona Purwareja”, déné ragam corak kanthi potènsi kang ana ing Purwareja bisa narik kawigatèn saka juri lan buktiné bisa nggawa corak iku lumebu nomer 20 saka panyarta.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Astrini, Andini (2017). "Perancangan video profil khadanah bathik "Adhi Purwo" Kabupaten Purworejo". Karsa: 9–10.