Basri Baharuddin Sila

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Basri Baharuddin Sila (miyos ing surya 14 Mèi 1953) inggih punika salah satunggaling juru kagunan musik lan kagunan tradhisi ingkang kawentar puluhan warsa saking dhaérah Bugis-Makassar. Panjenenganipun asring dipuntimbali Daèng Bas. Daèng Bas punika kirang langkung sampun sèket warsa anggènipun makarya wonten ing salebeting donya musik lan kagunan tradhisi. Panjenenganipun ugi prigel anggènipun ngrembakakaken musik tradhisi. [1]

Pagesangan[besut | besut sumber]

Basri Baharuddin Sila wiwit alit sampun asring mirengaken musik. Ing Makassar, kathah sanget ritual utawi kapitayan ingkang gegayutan kaliyan musik. Prakawis punika nyebabaken Daèng Bas dados tiyang ingkang remen lan wasis marang kagunan lan tradhisi. Panjenenganipun wiwit maguru kaliyan satunggaling maèstro gendhang saking Gowa, inggih punika Rapo-anrong. Ing tengah warsa 1980-an, Daèng Bas sakanca, kadosta suwarginipun Asdar Muis, Yudhistira Sukatanya, saha Fahmi Syarif, asring ngawontenaken pagelaran kagem nguji ngèlmunipun wonten ing Gedhung Kesenian Makassar. Panjenenganipun remen ngginakaken titi laras ingkang cepet amargi para mudha supados saged remen kaliyan musik tradhisinipun piyambak. Prakawis punika ateges musik tradisi ingkang dipunungelaken saged tansah misuwur saha ngrembaka dumugi dangu wekdal. Miturut pamanggihipun, musik tradhisi minangka jembatan kekancan. Lajeng, panjenenganipun tindak dhateng Yogyakarta kagem ndhèrèk pawiyatan kagunan ing Padhépokan Seni Bagong Kusudihardjo ing warsa 1983-1985.

Panjenenganipun ugi kersa ngudi kawruh dumugi nagari sanès. Ing warsa 1997, Daèng Bas ndhèrèk Program Indonésian Art Cultural Éxchange ing Jepang, Malaysia, saha Singapura. Panjenenganipun ugi tansah sinau saha ngreksa kagunan kaliyan kathah juru kagunan sanèsipun. Ing warsa 2015, Daèng Bas sesambungan kaliyan pakempalan musik rock ingkang kawentar ing Indonésia, inggih punika Slank, salebeting pagelaran beksan saha musik Slank “Reog ‘n Roll”.[2]

Basri Baharuddin Sila utawi Daèng Bas punika asring ngungelaken piranti-piranti musik saking njawi nagari ingkang dipunparingi saking kanca-kancanipun. Tuladhanipun inggih punika piranti musik hulusi. Sanadyan mekaten, cèngkok titi larasipun kapireng saé inggih punika mligi swanten musik Bugis-Makassar ingkang dipunaran pui-pui.

Kathah bebrayan ingkang boten remen kaliyan Daèng Bas amargi anggènipun ngungelaken piranti musik punika dipunpitados sampun nerak paugeran kagunan tradhisi. Tuladhanipun nalika nabuh gendhang kanthi cara boten dipunpangku, ananging jumeneng lan dipuntabuh ngginakaken rotan. Daèng Bas tansah boten nggatosaken pawartos saha pangucapanipun tiyang sakupenganipun. Panjenenganipun tansah legawa. Daèng Bas gadhah pamanggih, menawi panjenenganipun boten ngripta satunggaling karya ing donya musik, sedaya pangiring beksan tansah pancet kémawon boten wonten éwah-éwahan ingkang langkung saè. Ananging, sedaya titi laras énggal punika ugi boten uwal saking tradhisi kasebat.

Asmanipun dados kawentar nalika dipunsuwun dados asistèn komposer saha musisi ing pagelaran “I La Galigo” ingkang dipunsutradarai déning Robért Wilson ing sapinten-pinten kutha donya ing warsa 2004 dumugi 2008, inggih punika ing Singapura, Madrid saha Barcelona (Spanyol), Lyon (Perancis), Ravénna (Italia), Amsterdam (Landa), New York (Amèrika Serikat), Mèlbourné (Australia), dan Taipèi (Taiwan). Ing warsa 2011, panjenenganipun ugi dipunpitadosi malih dados asistèn komposer saha musisi ing pagelaran “I La Galigo” ing Fort Rotterdam, Makassar.

Saking babagan musik, beksan, saha téater, Daèng Bas saged ngreksa donya sandiwara kanthi dados dhirèktur musik (music director) kagem sandiwara Atambua 39° Celsius ingkang dipunsutradarai déning Riri Riza. Panjenenganipun ugi nggarap musik kagem sandiwara dokumèntèr kanthi irah-irahan Rasa anggitanipun sutradara Brune Charvin. Boten gumun menawi juru kagunan punika sampun angsal kathah pangaji saking Indonésia saha nagari sanès. Daèng Bas saged tindak wonten ing kathah papan panggènan, kepanggih kathah tiyang, pramila saged kawentar dumugi samenika.

Pengalaman[besut | besut sumber]

Kajawi ngugemi musik lan kagunan tradhisi, Daèng Bas punika makarya minangka Dhirèktur Kréatif Yayasan Batara Gowa. Lelampahanipun Basri Baharuddin Sila punika boten namung dumugi ngriki kémawon. Ananging, Daèng Bas punika kalebet tiyang ingkang wasis saha tanggap. Kathah pakempalan ingkang dipundhèrèki. Prakawis punika katitik saking pengalamanipun ing donya organisasi ingkang kathah. Tuladhanipun minangka Dhéwan Penaséhat Lembaga Pengembangan Kesenian lan Kabudayan Indonésia ing dhaérah Sulawesi Kidul, Ketua Komite Musik Dhéwan Kesenian Sulawesi Kidul, Ketua Komite Musik Dhéwan Kesenian Makassar, saha anggota Persatuan Pedalangan Indonesia (PEPADI).[3]

Pangaji[besut | besut sumber]

Basri Baharuddin Sila kalebet juru kagunan ingkang sampun dangu nguri-uri kabudayan wonten ing dhaérahipun, inggih punika Makassar. Panjenenganipun ugi saged dipunsebat juru kagunan ingkang wasis saha nyiptakaken karya kagunan ingkang énggal lan saé. Kathah pangaji ingkang sampun dipunantuken déning Basri Baharuddin Sila punika. Kadosta:

  • 2010, Piagam Penghargaan World Expo 2010, Shanghai China
  • 2012, Piagam Penghargaan Karawitan Muda Indonesia Award saking UNESCO sarta Kementrèn Pendhidhikan lan Kabudayan
  • 2012, Piagam Penghargaan Tokoh Seni dan Budaya saking Pamaréntah Kitha Makassar
  • 2016, Penghargaan Festival Nasional Teater 2016
  • 2017, Anugerah Kebudayaan 2017 Kategori Pelopor, Pencipta, dan Pembaharu saking Kementrèn Pendhidhikan lan Kabudayan
  • 2018, Pangaji minangka satunggaling masarakat ingkang ngasta kagunan saha kabudayan Sulawesi Kidul kawentar saking Wali Kutha Makassar[4]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. YUNUS, SAIFUL RIJAL (2018-06-02). "Basri B Sila Menjaga Musik Tradisi Bugis-Makassar". Kompas.
  2. Wardibudaya, Wardibudaya (2017-12-04). "Basri Baharuddin Sila: Tanpa Musik Hidup Itu Hambar". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jenderal Kebudayaan.
  3. Wardibudaya, Wardibudaya (2017-12-04). "Profil Penerima Anugerah Kebudayaan Indonesia 2017 Kategori Pencipta Pelopor & Pembaru : Basri Baharuddin Sila". Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Direktoral Jenderal Kebudayaan.
  4. Radar, Tim (2018-11-19). "Bawa Kesenian Sulses Mendunia, Danny Beri Penghargaan ke Basri Sila". Radar Makassar.