Bancakan bayi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bancakan bayi menika salah satunggiling padatan ingkang teksih dipunleksanakaken wonten ing satengahipun masarakat Jawa, mliginipun wonten ing Surakarta lan Yogyakarta.

Bancakan bayi dipunleksanakaken adedhasar wontening pangajeng-ajeng lan panyuwunan supados bayi ingkang dipunbancaki dados laré ingkang miturut dhateng Gusti Pangéran, tiyang sepuh, lan bapak ibu guru sarta saged dados tiyang ingkang migunani tumrap tiyang sanes ing samangké. Kejawi menika, bancakan bayi ugi dados caos sokur lan nyuwun kamirahaning Pangeran mugi bayi menika tansah pinaringan kaslametan, kasarasan, lancar ing sedaya perkawis dumugi diwasa samangké.

Bancakan menika arupi sekul kaliyan maneka werni sayuran kados ta: bayem, kacang panjang, thokolan, timun, sambel gudangan, tigan, lan pisang ingkang dipuncawisaken nganggé pincuk saking ron pisang.

Macem-maceming Bancakan Bayi[besut | besut sumber]

Bancakan bayi wonten ing Jawa wonten mawerni-werni. Bancakan menika dipunleksanakaken miturut tata cara utawi petung Jawi. Menika macem-maceming bancakan bayi:

  • Brokohan, tujuan padatan menika inggih menika nyuwun kaslametan bayi ingkang némbé mawon lair lan nyuwun berkahing Pangeran supados bayi menika dados lare ingkang saé. Ubarampè padatan kanggé golongan bangsawan: dawet, tigan mentah, jangan menir, sekul ambeng, sekul nganggé lawuh, jeroan kebo, pecel nganggé ayam, kembang setaman, sarta krambil lan beras. Uba rampè padatan kanggé golongan tiyang biyasa: sekul ambengan ingkang isinipun sekul jangan, peyek, sambel goreng, tempe, mihun, jangan menir, dan pecel ayam. Padatan menika dipunwiwiti kanthi mendhem ari-ari, nyepakaken sajèn brokohan ingkang badhe dipunbagekaken dhateng para tanggi. Brokohan menika awujud tigan ayam mentah, gendhis jawi setengah tangkep, krambil setengah buah, dawet, lan kembang brokohan inggih menika mawar, melati, lan kanthil. Padatan menika dipunleksanakaken sasampunipun bayi lair, dipunrawuhi déning ibu, bapak, keluarga, dukun, pinisepuh lan sanak sedulur. Brokohan menika boten angsal mawi santen, tigan iwak tawar lan tigan bebek/asin.
  • Tedhak siten menika rerangkèn padatan tradhisi ubengan gesang masarakat Jawi ingkang wiwit dipuntilaraken. Tedhak siten asalipun saking ukara tedhak tegesipun mandhap (nepakaken suku) lan siten utawi siti tegesipun siti/lemah. Dados, tedhak siten menika tradhisi nepakaken suku dhateng siti déning laré. Miturut cariyos tiyang sepuh, Tedhak siten menika padatan nalika laré nembé sepindah nepakaken sukunipun dhateng siti. Tembung sanèsipun, mandhap siti utawi undhuhan. Padatan menika dipunleksanakaken rikala laré bayi umur pitung lapan petung Jawi (wolung wulan petung Masehi). Laré ing umur menika biyasanipun nembé ajar mlampah saengga menika dados wekdal sepindah laré menika wiwit nepakaken sukunipun dhateng siti. Tradhisi tedhak siten kejawi dados padatan kanggé nguri-nguri budaya, ugi dados rerangkèn tata cara ingkang nyimbolaken tiyang sepun ingkang nuntun putranipun ing salebeting lampahing gesang kanthi rerangkèn padatan lan ubarampè ingkang dipunginakaken. Ubarampè tedhak siten menika jadah pitung werni, andha saking tebu, kurungan (biyasanipun nganggé kurungan ayam) ingkang dipunisi kaliyan maneka werni piranti sekolah, dolanan, toya kanggé wisuh lan ngedusi laré, ayam panggang, pisang raja, udhik-udhik, jajan pasar, jenang, tumpeng lengkap kaliyan gudangan lan sekul kuning.

Rerangkèn Tedhak Siten[besut | besut sumber]

Rerangkèn tedhak siten inggih menika:

  • Misuhi suku – tiyang sepuh nggendong larénipun lajeng sukunipun laré dipunwisuhi sakdèrèngipun laré menika nepakaken suku dhateng siti. Maknanipun tata cara menika inggih bilih nalika miwiti lampahing gesang kedah nggadhahi manah ingkang suci.
  • Mlampah miyos pitung jadah – ing padatan menika laré dipuntuntun mlampah miyos pitung jadah ingkang werninipun bènten-bènten. Pitung werni niku inggih menika abrit, pethak, ijem, kuning, biru, jambon, lan ungu. Jadah rena pitu menikaa mralambangaken pengajeng-ajeng tiyang sepuh dhateng laré supados laré menika saged mrantasi reribeding gesang lan tansah pikantuk pitulungan saking Gusti Pangeran ingkang Mahakuwaos. Jadah pitung werni nggambaraken bilih rupi-rupi pacoban lan reribeding gesang menika kathah lan mawerni-werni. Saben werni nggadhahi teges piyambak-piyambak, inggih menika: Abrit: kendel, pengajeng-ajengipun laré menika kendel ing salebeting nglampahi gesang Kuning: kekiyatan lair batin ingkang kedah dipungadhahi saben tiyang Pethak: suci Jambon: tresna dhateng tiyang sepuh, sedherek, simbah, rencang, lan sesami Biru: ayeming jiwa salebeting nglampahi gesang Ijem: kasuburan Ungu: kasampurnan Kanthi nepak wonten pitung jadah, tiyang sepuh nggadhahi pengajeng-ajeng bilih putranipun saged nglampahi gesang lan mrantasi sedaya karibedan gesang kanthi sae. Andha saking tebu – ing padatan menika tiyang sepuh ngajak larénipun minggah pitung andha saking tebu. Tebu menika saking tembung antebing kalbu ingkang tegesipun nggadhahi tekad lan raos yakin sanget. Rerankèn menika nggambaraken bilih laré menika badhe nglampahi gesangipun dinten baka dinten ngantos dugi ing pati. Ing tata cara menika tiyang sepuh mboten nilaraken laré, menika ateges tiyang sepuh badhe tansah ngamping-ampingi putranipun nglampahi gesang samangke. Pangajeng-ajengipun tiyang sepuh inggih supados larénipun tansah nggadhahi krenteg lan semangat nggayuh menapa ingkang dados gegayuhanipun.
  • Kurungan – ing tata cara menika laré dilebetaken ing kurungan ayam. Wonten ing saklebeting kurungan wonten mawerni-werni barang lan dolanan. Kurungan ayam menika nggambaraken pagesangan nyata ingkang badhe dipun lampahi laré. Barang-barang wonten ing saklebeting kurungan ingkang badhe dipunpendhet lare menika ggambaraken padamelan ingkang badhe dipunpiji lare sasampunipun diwasa.
  • Ngedusi laré – toya ingkang dipunginakaken menika dipundhut déning tiyang sepuhipun laré ing wayah dalu, kinten-kinten jam 10-12 dalu lajeng dipunsisihaken dugi enjing. Ing tata cara menika, sakderengipun toya menika dinggé ngedusi larénipun, tiyang sepuh maringi sekar dhateng toyanipun rumiyin. Maknanipun inggih menika supados laré menika saged damel bingahing manah tiyang sepuhipun lan nyebar ganda sae kanggé brayat agengipun.
  • Maringi udhik-udhik -- udhik-udhik menika arta rincing ingkang dipuncampur mawerni-werni sekar. Udhik-udhik menika lajeng dipunsebar lan dibagekaken dhateng laré-laré lan tiyang diwasa ingkang rawuh ing padatan menika, kanthi pangajeng-ajeng bilih laré menika samangke pikantuk rejeki cekap lan saged ngedumaken rejekinipun dhateng tiyang sekeng.

Rujukan[besut | besut sumber]

Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.

Pranala Njawi[besut | besut sumber]

  1. Brokohan Kelahiran
  2. Upacara Adat Puputan danSalapan
  3. Tradisi Lokal Jawa Sambut Kelahiran Bayi