Atéisme ing Indonesia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

ŁŁAtéisme utawa tanpa agama ing Indonésia ya iku babagan kang ora umum lan jarang banget ana ing pendhudhuk Indonésia, mligi amarga gedhéné stigma sosial kang temèmplèk kanthi dadi sawijining ateis ing Indonésia. Ora ana undhang-undhang kang kanthi resmi menging sawijining wong dadi atéisme ing Indonésia, kang mung ngakoni enem agama. Sanajan mangkono, manawa dibandingaké karo pendhudhuk kang duwé agama, sawijining atéis bakal kaganggu nalika nindakaké jejibahan administratif, tuladhané ing pengurusan dhokumèn kependhudhukan lan kawinan. Panyebar ateis uga bisa éntuk ukuman miturut undhang-undhang pidana kang ana ing Indonésia.

Kaanan[besut | besut sumber]

Islam ya iku agama mayoritas ing Indonésia.[1] Angèl manawa ngitung cacahing ateis utawa agnostik ing nagara iki amarga ora kapétung kanthi resmi déning sensus penduduk,[2] sanajan tekan Januari 2014 wis ana 961 won kang ngakoni ateis kang ndaptar ing sensus ateis kang dianakake déning Atheist Alliance International.[3] Komunitas ateis Indonésia, kaya kang kadhapuk ing komunitas Indonésian Atheists, lumrahé rembugan lumatar Internet.[4]

Ateisme ora diakoni Indonésia jalaran ora jumbuh karo sila pisanan Pancasila, ya iku Ketuhanan yang Maha Esa.[5] Menurut undang-undang, agama yang diakui olèh pamaréntah Indonésia hanya enam, dan olèh sebab itu dikatakan tidak ada papan bagi ateisme.[6][7]

Hukum[besut | besut sumber]

Ateisme ing Indonésia ora dipenging déning hukum, saora-orane kanthi sinurat. Miturut Benjamin Fleming Intan, penulis buku Public Religion and the Pancasila-Based State of Indonésia, agama mainake peran wigati sajeroning kauripan rakyat Indonésia. Intan njlentrehake yèn miturut prinsip-prinsip Pancasila, Indonésia tetep dadi nagara mawa basis agama.[8] Pramila, Pancasila minangka landasan ideologis nagara ing sila pisanan nyebutake yèn Indonésia dhedhasar Ketuhanan Yang Maha Esa. Selain itu, ing butir pisanan sila pisanan Pancasila dinyatakake: Percaya dan takwa kepada Tuhan yang Maha Esa sesuai dengan agama dan kepercayaan masing-masing menurut dhasar kemanusiaan yang adil dan beradab. Kuwi ateges, kanthi ideologi saben warga nagara Indonésia diwajibake percaya lan takwa marang Tuhan lan ngenut sawijining agama.[9]

Ora ana hukum utawa undang-undang Indonésia kang kanthi teges menging utawa nemtokake ukuman tumrap sawijining ateis. Nanging, kanthi dadi ateis bakal nuwuhaké dampak marang hak lan kwaiban sawijing pendhuhuk ing mata hukum, tuladhané kangelan anggoné ngurus dhokumèn-dhokumèn kependhudhukan kaya déné Kartu Tanda Penduduk, kang ngwajibake nulis agama, jumbuh karo Undhang-Undhang Nomor 23 Taun 2006 ngenani Administrasi Kependudukan. Mula, ateis ing Indonésia tetep diwajibake nulis agama tartemtu ing dhokumèn kependhudhukane kanggo ing persyaratan administratif. Ing babagan kawinan; miturut undhang-undhang kawinan ing Indonésia, perkawinan bisa sah manawa ditindakaken muturut hukum saka saben-saben agama kang dinut,[10] saéngga sawijining ateis kangelan anggoné éntuk hak kang padha kaya déné kang diduwèni déning pendhuhuk kang ngenut sawijining agama.[7]

Sanajan sawijining wong ora éntuk ukuman amatga dadi sawijining ateis, panyebar ateis ing Indonésia bisa éntuk ukuman sanksi pidana, jumbuh karo Pasal 156a Kitab Undang-Undang Hukum Pidana, kang nyebutake: "Dipidana kanthi pidana pakunjaran sasuwe-suwéné limang taun tumrap sapa baé kang sengaja ing ngareping umum ngrasani utawa nindakaké sawijining tindakan kanthi ancas supaya wong ora ngenut agama apa baé kang mawa sendi Ketuhanan yang Maha Esa."[7]

Indonésian Atheist[besut | besut sumber]

Indonésian Atheists ya iku komunitas kang dadi wadhah aspirasi tumrap para ateis ing Indonésia.[11] Komunitas iki duwé ancas kanggo njurung lan nglipur ateis Indonésia kang kadiskriminasi ing donya nyata.[12] Indonésian Atheist diadegake ing wulan Oktober 2008 lumantar situs jejaring sosial Facebook lan nganti Januari 2013 kacathet wis kasil ngumpulake punjul 900 ateis Indonésia, kang bisa dipantau lumantar sebuah situs web.[13]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "For Indonésian Atheists, a Community of Support Amid Constant Fear". The New York Times. Dijupuk 2013-09-18. 
  2. "Commentary: Is there room for atheists in Indonésia?". The Jakarta Globe. Dijupuk 2013-09-18. 
  3. Data sensus ateis olèh Atheist Alliance International. Diakses ing 4 Januari 2014.
  4. "The Rise of Indonésian Atheism". The Jakarta Globe. Dijupuk 2013-09-18. 
  5. "Indonésia's atheists face battle for religious freedom". The Guardian. Dijupuk November 7, 2012. 
  6. Jan Michiel Otto (15 February 2011). Sharia Incorporated: A Comparative Overview of the Legal Systems of Twelve Muslim Countries in Past and Present. Amsterdam University Press. k. 443. ISBN 978-90-8728-057-4. Dijupuk 7 November 2012. 
  7. a b c Timothy Lindsey (26 March 2008). Indonésia, Law and Society. Federation Press. k. 279. ISBN 978-1-86287-692-7. Dijupuk 7 November 2012. 
  8. Benyamin Fleming Intan (2006). "Public Religion" and the Pancasila-Based State of Indonésia: An Ethical and Sociological Analysis. Peter Lang. k. 160. ISBN 978-0-8204-7603-2. Dijupuk 7 November 2012. 
  9. Bolehkah Menjadi Ateis di Indonésia? Hukum Online
  10. Ini Alasan Kemenag Tolak Penghapusan Kolom Agama di e-KTP.
  11. "Commentary: Is there room for atheists in Indonésia?". The Jakarta Post. Dijupuk November 7, 2012. 
  12. Kami tidak percaya Tuhan dalam wujud apapun. Merdeka.com
  13. Atheist cencus. Atheist Alliance International

Wacan candhak[besut | besut sumber]