Amin Ki Pantun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Amin Ki Pantun ya iku sawijining wong kang asalé saka suku Baduy.[1] Lair ing Banten, 26 Pèbruari 1959. Yuswané wis sèket sanga (59). Amin duwé bojo kang jenengé Karwa. Yuswané Karwa ngancik sèket (50). Uga duwé anak papat ya iku Anah kang umuré telungpuluh (30) taun, Saija umuré wolulikur (28), Sadi umuré selawé (25) taun, Sarmah umuré telulikur (23).

Amin saiki dadi juru kagunan angklung lan paguri-uri angklung Baduy. Dhèwèké uga bisa jejuluk déning “Ki Pantun” amarga angklung nduwèni teges “Ki Pantun”. Dadi bisa diceluk Amin Ki Pantun. Kanthi netepi atiné njaga kang nguri-nguri lantunan angklung. Makaryané ngawé angklung ing Baduy sanajan pikantuk kasil kang boten akèh.

Pagesangan[besut | besut sumber]

Amin Ki Pantun wis setya nguri-nguri kanthi mbolongi, nyukili, lan masah pring supaya dadi angklung. Nggawéné angklung ing saung. Saung saka bilik lan kayu kang ana ing désa Leuwidamar, Kecamatan Léuwidamar, Lebak, Banten. Cara nggawéné dhisik pring di gebug-gebugi banjur nemtokaké kacocokané laras. Dhèwèké uga dibiyantu déning yogané ya iku Sadi. Omahé ana ing Désa Cigombong, Kecamatan Léuwidamar, Kabupatèn Lebak,Banten. Ki Pantun dadi pangrèksa tradhisi, dhèwèké katon prasaja.

Dawané saung mung sepuluh meter kanthi omboné limang meter. Ana macem-macem  pithik lan kucing ing sakelilingé saung. Jalur nuju saung iku kaya ta lemah kang cupet bisa ngubah dadi lemah teles (endhut) sawise udan. Saungé kira-kira ana limang atus meter saka ratan aspal sakcedhaké.

Dadi penjaga tradhisi, tampilané mung apa ènèké. Dhèwèké amung gunakaké rasukan lan kathok cendhèk wernané ireng, uga talinan sirah biru kang wis lusuh, nalika makarya. Panguripané amung prasaja isék masak nggunakaké kayu bakar lan tumpukan watu. Ki Pantun nggawé angklung karo njaga sawahé. Omah asliné Ki Pantun adoh banget  15 kilomèter saka saung, dadi yèn ana kang pesen Angklung ora langsung mara ning omahé Désa Kanèkes, Kecamatan Lé²uwidamar, Kabupatèn Lebak, nanging bisa ning Saung kang cedhak. Mula kuwi, dhèwèké manggoni saung kuwi.

Ki Pantun awit dhisik ora tau sekolah. Dadi kira-kira kasilané nandhur karo nggawé angklung ora cukup. Ananging dhèwèké wis seneng dadi panggawé angklung, amarga mènèhi mupangat ing atiné, nggawè ayem lan andhap ashor. Yèn dolanan karo putu-putuné, swara angklung dadi panglipur. Nalika isih sinau gawé angklung, Ki Pantun ngrungokaké apik utawa ora swarané, kanthi gunakaké kupingé lan pangéling-éling ing pikirané.

Saiki Ki Pantun ora bisa fokus gawé angklung, amarga Ki Pantun isih répot mèlu bangun kampungé/désa anyar kang digawé kanggo warga Baduy. Ana omah warga Baduy kang wis dipanggoni nganti telung keluarga. Sahengga, pambangunan kampungé/désa anyar dirintis.

Warga Baduy[besut | besut sumber]

Bebrayan Baduy termasuk akèh jumlahé warga baduy kira-kira ana 12.000 wong ing taun 2018. Nanging, penggawé angklung baduy, miturut Ki Pantun, namung ana wong penggawé angklung ulung liyané. Se-orané, ana telung wong manèh nekuni pakaryan kang padha, ananging durung bisa ahli, gawé angklung durung bisa apik. Yèn swarané énak dirungokaké, awujud angklungé kudu dibeneri.

Sahengga, kang nglestantunaké kagunan angklung amung cekak. Yèn ana wong kang sregep nekuni pakaryané, ananging durung bisa pinter.  Para pemudha-né malah seneng dadi wong makarya ning sawah lan adol samubarang.

Mula Kuwi Ki Pantun sregep nekuni nggawé angklung. Sakithiké pangrajin angklung wis kadadéyan jaman biyèn. Ana siji wong kang nggawé angklung mituruté Ki Pantun yaiku Ki Angklung. Ki Pantun diajari nggawé perkakas (piranti) tembang saka Ki Angklung lan nurunaké bakaté kanggé Ki Pantun. Nganti Ki Pantun rabi karo putuné Ki Angklung. Sahèngga saiki anak-anak Ki Pantun nerusaké kesetyaané kanggo ngelestantunaké angklung baduy.

Angklung[besut | besut sumber]

Angklung kang khas iku per sèt perkakas tembang kasusun sangga angklung. Iku beda karo alat swarané (Musiké)  ing Kasepuhan Ciptagelar, Sukabumi, kang macem-macem ana limang angklung larasé utawa nadané pentatonis.

Nggawéné angklung ora gampang. Pring kang digunakaké kanggo gawé angklung kudu diwacaké japa-japa (mantra) dibarengi mbakar kemenyan. Banjur, pring kang isih urip ora bisa ditebang kanggo didadikaké angklung padha karo kearifan lokal. Pring kang dimanfaataké kudu garing amarga wis mati.

Pesenan angklung saka wong Baduy sampèk njaba Lebak, malah ana kang provinsi liya, kaya ta Kabupaten Kuningan lan Kutha Bandung, Jawa Kulon. Uga kutha Dènpasar, Bali. Bisa ngasilaké pitung sèt pertaun.  Regané saben sèt angklung bisa nganti seyuta lan rongyuta yèn dikompliti telung beduk cilik kang dadi gandèngané angklung kuwi. Ki Pantun uga olèh kasil saka nandur pari, gedhang, kencur, lan jahé.

Ki Pantun kang bisa nggawè angklung, dipercaya kanggo ngerawat angklung buhun. Ana loro sèt angklung buhun kang ora bisa digawa ning njaba pamukimané Baduy Njero. Jaraké sepuluh kilomèter saka ratan aspal cedhaké. Kira-kira mung limang jam bisa diléwati paomahané Baduy Njero. Yèn angklung buhu rusak, Ki Pantun ndhandhani manèh. Sampèk akhir uripé, duwé gegayuh supaya terus ngelestantunaké warisané leluhuré.

Kapitadosan (Dewi Sri)[besut | besut sumber]


Suku Baduy kang ana ing Désa Kanèkes jaraké 130 kilomèter saka Jakarta. Ki Pantun ya iku panguri-uri angklung baduy kang digawé sawenèhé wong. Sakjané angklung kuwi penting banget kanggé suku Baduy amarga bebrayané sregep dolanan perkakas tembang iku saben mangsa nandur pari “pantun” dadi tradhisi. Laras angklung uga bisa nggawé awèté pangan ing Baduy tetep kajaga. Pasinau utawa padolanan angklung dipitados bisa nggawé “Dewi Sri” bebungah. Yèn Dewi kuwi seneng, bisa ndhadhèkaké sawah subur sahéngga bisa olèh kasil kang dikarepaké. Sahengga, Angklung uga bisa dimainaké nalika mbangun désa, rabi, lan slametan omah anyar amarga bisa nuwuhaké raos percaya.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Radius, Dwi Bayu (2018-10-13). "Amin Ki Pantun". Kompas.