Ambrosius Blarer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Ambrosius Blarer

Ambrosius Blarer (kadhang Ambrosius Blaurer), (4 April 1492 - 6 Dhésèmber 1564) ya iku pawongan reformator kang duwé prabawa ing Jerman lor lan Swiss Wétan Laut.[1]

Latar Belakang[besut | besut sumber]

Ambrosius Blarer lair 1492 ing kulawarga kondhang Konstanz. Déwéké sianu téyologi ing Tübingen ing ngendi dhèwèké ketemu karo Philip Melanchthon kang banjur dadi kancané seumur uripé. Sawisé éntuk gelar master, dhèwèké mlebu biara Benediktin Alpirsbach Abbey.

Liwat surat-suratané karo Philip Melanchthon lan kakangné Thomas Blarer, pawongan mahasiswa ing Wittenberg antarané 1520 lan 1523, Ambrosius Blarer éntuké informasi kanti apik babagan ajaran Luther lan wiwit nyebaraké dhéwé ing antarané sadulur-seduluré. Hal iki nyebapaké konflik antarané dhèwèké lan duwurané lan ing taun 1522 Blarer mlayu saka biara. Déwéké nemu perlindungan ing kutha kelahirané ya iku Constance, kang wis siyap sajeroning prosès kanggo direformasi saéngga dhèwèké ora perlu perlu wedi babagan konsekuensi nglanggar ikraré. Sanajan mangkono dhèwèké tetep nganggo pakaian keagamaané.[2]

Reformasi Konstanz[besut | besut sumber]

Nalika Fèbruari 1525, Blarer wiwit khotbah ing Konstanz lan dhèwèké dadi tokoh baku Reformasi ing kono. Karo ponakané lan co-pembaharuné, Johannes Zwick lan sadulur-seduluré, Konrad Zwick lan Thomas Blarer, kang wujud anggota dewan kutha (Thomas bnjur dadi wali kutha), Blarer duwé semangat kang diprabawai déning tim kang efektif kanggo nerusaké reformasi.

Para Peformator Konstanz idealis banget, dhèwèké ngarep-ngarep kanggo ngresiki kutha saka sekabéhané dosa lan kejahatan. Nalika 1526, disahké salah siji ukum moral kang ora ngentukaké jogdé-jogetan, ombén-ombénan, ngumpat, zinah, lan sakpnunggalé. Njejegaké ukum kabukti angèl ing awalé, nganti strategi anyr diwanuhaké nalika taun 1531; awéy wektu iku sekabéhané warga nagara kudu saling aktif dadi penjaga moral, nglaporaké saben pelanggaran ukum marang dewan. Hal iki ngilangaké bahaya jèngkèlé rakyat marang aturan-aturan kang arep diarahaké marang sak wong, sarta bahaya saka sistematis tumrap kanca lan kulawarga. Keistimewaan liya saka Reformasi Constance ya iku kecintaan dhèwèké marang musik. Ambrosius nulis akèh lagu pendhidhikan lan religius kang dinyanyèkaké minangka péranganing liturgi. Pira-pir laguné isih bisa tinemu ing buku Himne Injili ing Swiss.

Korespondensi dan prabawanya[besut | besut sumber]

Kaya Martin Bucer saka Strasbourg, téyologi Blarer diprabawai banget déning Zwingli lan Luther. Déwéké nyoba golèk posisi kang bisa ditampa déning kaloro pihak, kang mligi nyebapaké pangecualiané saka kaloro golongan. Nalika 1530, Konstance nandatangani Pengakuan Tetrapolitan, mitra "Zwingli" tumrap Pengakuan Augsburg, kang ora ditampa déning Lutheran utawa Zwinglian. Pengakuan Tetrapolitan uga ditandatangani déning Strasbourg (Bucer dadi penulisé) lan déning Memmingen lan Ulm, kaloro kutha ing ngendi Blarer dadi reformator utama.

Ambrosius Blarer terus ngambakaké jaringan korespondensi ing akèh reformis. Kang paling kondhang antarané dèwèké kalebu: Philip Melanchthon, Ulrich Zwingli, John Calvin, Martin Bucer, Heinrich Bullinger, Andreas Karlstadt lan Johannes Oecolampadius.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ambrosius-blarer, (Kaunduh 19/2/13).
  2. Ambrosius_Blarer.html, (Kaunduh 19/2/13).