Énérgi kaanyaraké

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Génerator listrik ing Tharsis, Huelva minangka conto saka énérgi kaanyaraké.

Énérgi kaanyaraké utawa énérgi sing bisa dianyari iku énérgi sing dipikoléh saka sumber daya sing bisa dianyari, sing lumrahé diisi sumber daya alam sing bisa dianyari, kalebu sumber-sumber nétral karbon kaya sunar srengéngé, angin, udan, alun, rob lan sob sagara, lan panas bumi.[1] Tembung iku uga kerep ngatutaké biomassa, sing status nétral karboné isih dadi rembug.[2][3] Sumber énérgi jinis iki béda saka bahan bakar fosil, sing luwih rikat anggoné dientèkaké tinimbang anggoné digawé bali. Énérgi kaanyaraké sok nyawisaké énérgi ing papat babagan wigati: prodhuksi listrik, pamanas/pangadhem hawa lan banyu, transportasi, lan layanan énérgi ing laladan kapencil.[4]

Ing tataran nasional, saorané 30 nagara ing saindenging jagat wis duwé énérgi kaanyaraké sing nyumbangaké 20 persèn punjul pasokan énérgi. Pasar énérgi kaanyaraké nasional diwatara terus tuwuh kanthi kuwat ing sajeroning dasawarsa lan tembéné.[5] Saorané ana nagara loro, Èslan lan Nurwègen, wis ngasilaké kabèh listriké sarana énérgi kaanyaraké lan akèh nagara liyané duwé targèt kanggo nggayuh 100% énérgi kaanyaraké ing tembé.[6] Saorané ana 47 nagara[7] ing saindenging jagat sing 50 persèn punjul listriké[8] wis saka sumber daya sing bisa dianyari.[9] Sumber daya énérgi sing bisa dianyari ana ing saindenging laladan géografis, béda saka bahan bakar fosil, sing mung winates ing sawatara nagara. Sebaran tèknologi èfisiènsi énérgi lan énérgi kaanyaraké sing rikat njurung pangayoman énérgi sing wigati, mitigasi owah-gingsiring iklim, lan mupangat èkonomi.[10] Ing survéi panemu publik internasional, ana panyengkuyung sing kuwat saperlu nawakaké sumber kaanyaraké, kaya ta tenaga surya lan tenaga angin.[11]

Sanajan akèh proyèk énérgi kaanyaraké sing skala gedhé, tèknologi kaanyaraké uga dianggo ing laladan padesan lan kapencil sarta nagara tumuwuh.[12] Ing kana, énérgi sok wigati banget kanggo mbangun manungsané.[13] Amarga lumrahé tèknologi énérgi kaanyaraké nyawisaké listrik, sebaran énérgi kaanyaraké kerep ditrapaké bebarengan karo listrik; listrik bisa diowahi dadi panas lan bisa diowahi dadi énérgi mékanik kanthi èfisiènsi sing dhuwur[14] lan saiki wis resik saka konsumsi.[15] Kajaba saka iku, listrik mawa énérgi kaanyaraké dadi luwih èfisièn, mula nyababaké sudaning kabutuhan énérgi pokok.[16]

Ringkesan[besut | besut sumber]

Panèl surya sing lagi dipasang

Sumber daya énérgi sing bisa dianyari lan kalodhangan gedhé kanggo èfisiènsi énérgi ana ing laladan géografis sing amba, béda saka sumber énérgi liyané sing winates ing sawatara nagara. Sebaran èfisiènsi énérgi lan énérgi kaanyaraké sing rikat lan manéka warna tèknologi sumber énérgi bakal njurung pangayoman énérgi lan bathi èkonomi sing gedhé.[17] Iki uga bakal nyuda polusi lingkungan kaya ta polusi udara sing disababaké obongan bahan bakar fosil, ngundhakaké kaséhatan masarakat, nyuda pepati prématur amarga polusi lan ngirit béya kasehatan sing ngentèkaké udakara atusan milyar dolar saben tauné mung ing Amérika Sarékat.[18] Sumber énérgi sing bisa dianyari, sing ngasilaké énérgi saka srengéngé[19] kanthi sanalika utawa ora sanalika, banyu, lan angin, diajab bisa nyukupi énérgi kamanungsan ing sajeroning mèh samilyar taun ing tembé. Ing mangsa iki undhaking panas sing diprédhiksi saka srengéngé[20] bisa nggawé lumahing Bumi saya panas supaya banyu cuwèr panggah ana.[21]

Owah-gingsiring iklim lan rasa was-sumelang tumrap undhaking panas sajagat, ditambah udhuning béya sawatara piranti énérgi kaanyaraké, kaya ta turbin angin lan panèl surya, nyababaké padha ngecakaké énégri kaanyaraké.[22] Anggaran blanja lan pranatan pamréntah nyengkuyung indhustri ngrampungi krisis finansial global kanthi luwih apik tinimbang séktor liyané.[23] Nalika 2019, miturut Badan Énérgi Kaanyaraké Internasional panganggoning énérgi kaanyaraké sarana campuran énérgi (kalebu tenaga, panas, lan transportasi) kudu tuwuh tikel enem luwih rikat, supaya rata-rata suhu global terus "mudhun ing sor" 2.0 °C (3.6 °F) ing sajeroning abad iki, tinimbang nalika mangsa pra-indhustri.[24]

Sajarah[besut | besut sumber]

Sadurung watu areng dikembangaké ing satengahing abad ka-19, mèh kabèh énérgi sing digunakaké bisa dianyari. Ora mangu-mangu yèn panganggoning énérgi kaanyaraké sing tuwa dhéwé, ya iku biomassa tradhisional kanggo nyuled gegenèn, kawiwitan punjul sayuta taun kapungkur. Panganggoning biomassa kanggo gegeni durung lumrah nganti atusan éwu taun kapungkur.[25] Uga ana panganggoning énérgi kaanyaraké angka loro, ya iku angin kanggo ngangkud banyu. Padatan iki bisa dilacak udakara 7000 taun kapungkur ing Teluk Pèrsi lan Kali Nil.[26] Tuk banyu panas saka énérgi panas bumi wis dianggo adus wiwit jaman Paléolitikum lan dadi pamanasing hawa wiwit jaman Rum kuna.[27] Ing sajarah sing kacatheht, sumber pokok énérgi kaanyaraké mligi tenaga manungsa, kéwan, banyu, angin, kayu obongan, lan biomassa tradhisional.

Kapustakan[besut | besut sumber]

  1. Ellabban, Omar; Abu-Rub, Haitham; Blaabjerg, Frede (2014). "Renewable energy resources: Current status, future prospects and their enabling technology". Renewable and Sustainable Energy Reviews. 39: 748–764 [749]. doi:10.1016/j.rser.2014.07.113.
  2. JOCELYN TIMPERLEY (23 February 2017). "Biomass subsidies 'not fit for purpose', says Chatham House". Carbon Brief Ltd © 2020 - Company No. 07222041. Dibukak ing 31 October 2020.
  3. Harvey, Chelsea; Heikkinen, Niina (23 March 2018). "Congress Says Biomass Is Carbon Neutral but Scientists Disagree - Using wood as fuel source could actually increase CO2 emissions". Scientific American. Dibukak ing 31 October 2020.
  4. "Renewables 2010 Global Status Report" (PDF). REN21. September 2010. Dibukak ing 27 October 2019.
  5. REN21 (2017). "Renewables global futures report 2017".
  6. Vad Mathiesen, Brian; et al. (2015). "Smart Energy Systems for coherent 100% renewable energy and transport solutions". Applied Energy. 145: 139–154. doi:10.1016/j.apenergy.2015.01.075.
  7. "12 Countries Leading the Way in Renewable Energy". Click Energy.
  8. "Renewable Electricity Capacity And Generation Statistics June 2018". Dibukak ing 3 January 2019.
  9. "Renewable Electricity Capacity And Generation Statistics June 2018". Diarsip saka sing asli ing 28 November 2018. Dibukak ing 27 November 2018.
  10. International Energy Agency (2012). "Energy Technology Perspectives 2012".
  11. Sütterlin, B.; Siegrist, Michael (2017). "Public acceptance of renewable energy technologies from an abstract versus concrete perspective and the positive imagery of solar power". Energy Policy. 106: 356–366. doi:10.1016/j.enpol.2017.03.061.
  12. Alazraque-Cherni, Judith (2008-04-01). "Renewable Energy for Rural Sustainability in Developing Countries". Bulletin of Science, Technology & Society (ing basa Inggris). 28 (2): 105–114. doi:10.1177/0270467607313956.
  13. World Energy Assessment (2001).
  14. Armaroli, Nicola; Balzani, Vincenzo (2011). "Towards an electricity-powered world". Energy and Environmental Science. 4 (9): 3193–3222. doi:10.1039/c1ee01249e.
  15. Armaroli, Nicola; Balzani, Vincenzo (2016). "Solar Electricity and Solar Fuels: Status and Perspectives in the Context of the Energy Transition". Chemistry – A European Journal. 22 (1): 32–57. doi:10.1002/chem.201503580. PMID 26584653.
  16. Volker Quaschning, Regenerative Energiesysteme.
  17. International Energy Agency (2012). "Energy Technology Perspectives 2012".
  18. Jacobson, Mark Z.; et al. (2015). "100% clean and renewable wind, water, and sunlight (WWS) all-sector energy roadmaps for the 50 United States". Energy and Environmental Science. 8 (7): 2093–2117. doi:10.1039/C5EE01283J.
  19. Schröder, K.-P.; Smith, R.C. (2008). "Distant future of the Sun and Earth revisited". Monthly Notices of the Royal Astronomical Society. 386 (1): 155–163. arXiv:0801.4031. Bibcode:2008MNRAS.386..155S. doi:10.1111/j.1365-2966.2008.13022.x.
  20. Palmer, J. (2008). "Hope dims that Earth will survive Sun's death". New Scientist. Dibukak ing 24 March 2008.
  21. Carrington, D. (21 February 2000). "Date set for desert Earth". BBC News. Dibukak ing 31 March 2007.
  22. "Global Trends in Sustainable Energy Investment 2007: Analysis of Trends and Issues in the Financing of Renewable Energy and Energy Efficiency in OECD and Developing Countries" (PDF). unep.org. United Nations Environment Programme. 2007. p. 3. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 4 March 2016. Dibukak ing 13 October 2014.
  23. Clean Edge (2009).
  24. "Global energy transformation: A roadmap to 2050 (2019 edition)". /publications/2019/Apr/Global-energy-transformation-A-roadmap-to-2050-2019Edition (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-12-09.
  25. K. Kris Hirst. "The Discovery of Fire". About.com. Dibukak ing 15 January 2013.
  26. "wind energy". The Encyclopedia of Alternative Energy and Sustainable Living. Dibukak ing 15 January 2013.
  27. "Geothermal Energy". faculty.fairfield.edu. Dibukak ing 17 January 2017.