Éksonim lan éndhonim
Éksonim utawa xénonim iku jeneng manca kanggo sasana géografis, golongan wong, basa/dhialèk. Jeneng umum sing mligi dianggo sajabané sasana, golongan wong, utawa masarakat basa sing dadi rembug lumrahé amarga ana alasan sujarahé.
Éndhonim utawa otonim, sawaliké, iku jeneng kanggo golongan wong, basané utawa dhialèké, utawa buwanané utawa sasana ing jeroné sing asalé saka anggota golongan étnobasa iku.
Istilah-istilah iku turun saka basa Yunani. Éksonim lan xénonim saka panambang-ὄνομα,-ónoma ("jeneng"), lan ater-ater ἔξω-, éxō-("jaba"), lan ξένος-, xénos- ("manca"). Éwadéné, éndhonim lan otonim asal saka ater-ater ἔνδον-, éndon- ("ing jero") lan αὐτο-, auto-("dhéwé") kanthi panambang-ὄνομα, -ónoma ("jeneng").
Marcel Aurousseau, juru géografi Ostrali, iku wong kapisan sing nganggo istilah éksonim sajeroning karyané taun 1957, The Rendering of Geographical Names (cara Jawa: Pertalan Jeneng-Jeneng Géografis).[1] Istilah éndhonim dicipta sawisé minangka kosok balèn éksonim.
Rujukan
[besut | besut sumber]Cathetan
[besut | besut sumber]- ↑ Marcel Aurousseau, 1957, The Rendering of Geographical Names, London, Hutchinson, pp. 2–3, and; Kelsey B. Harder, 1996, "The term", in: Ernst Eichler & Walter de Gruyter (eds), Namenforschung/Name Studies/Les noms propres. 2.