Wagashi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Fukuoka wagashi

Wagashi (和菓子? roti Jepang) yaiku istilah utawa unen-unen basa Jepang kanggo roti lan permèn tradhisional Jepang. Tembung wagashi dianggo kanggo mbedhakake roti tradhisional Jepang lan kuweh lan permen saka manca nagara (Yōgashi) kang ditepungake wong Eropa marang wong Jepang wiwit jaman Meiji. Kuweh saka Tiongkok kang ditepungake duta kaisar marang Dinasti Tang, kuweh kang diarani Namban-gashi kang ditepungake misionaris saka Eropa uga kalebu wagashi.

Kuweh tradhisional Jepang kang kalebu wagashi padatan kuweh-kuweh jinis mochi, manjū, dango, lan woh garing. Wagashi padatan disuguhake nalika upacara ngombe teh, mula saperangan akeh wagashi rasane mung siji, yaiku legi. Ing upacara ngombe teh, wagashi kang disuguhake pamangku gati kudu entek sadurunge ngombe teh kang mbokmenawa rasane pait utawa sepet.

Saliyane dipangan, wagashi uga didadekake miangka karya seni kang endah disawang. Kaendahan wujud lan werna wagashi kerep luwih digatekake tinimbang rasane. Saliyane kuwi, wagashi kudu nggambarake kaendahan alam patang mansa ing Jepang. Ing mangsa panas tuladhane wujud lan kelir wagashi kudu bisa menehi rasa adhem kanggo wong kang nyawang.

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wagashi&oldid=677085"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès