Ulrich Zwingli
Huldrych (utawa Ulrich) Zwingli (lair ing Wildhaus, St. Gall, Swiss, 1 Januari 1484 – tilar donya 11 Oktober 1531 kanthi yuswa 47 taun) yaiku pemimpin Reformasi Swiss, lan kang ngedegaké Gereja Reformasi Swiss. Zwingli yaiku pawongan doctor biblicus (pakar Alkitab) kang independen saka Luther. Déwéké tekan kesimpulan-kesimpulan kang pada sak wisé neliti Kitab Suci saka sudut pandangan pawongan sarjana humanis.[1]
Zwingli dilahiraké ing Wildhaus, St. Gall, Swiss saka salah siji kulawarga kelas nengah terkaenal Déwéké yaiku anak kaping 3 Saka wolu anak lanang. bapaké Ulrich, yaiku hakim kepala ing kotané, lan pakliké, Bartolomeus pawongan pendeta.
Reformasi Zwingli didukung déning pemerintah lan penduduk Zürich, lan nyebapaké perubahan-perubahan penting sajroné urip masyarakat, lan urusan-urusan negara ing Zürich. Gerakan iki, khususé, dikenal amerga tanpa ngenal kasihan nganiaya kaum Anabaptis lan para pengikut Kristus liyané kang jukuk sikap ora nglawan. Reformasi nyebar saka Zürich marang lima kanton Swiss liyané, sawentara kang lima liyané gujegan kuat marang pandangan iman Gereja Katolik.[2]
Bab lan Paragraf |
Sumbangan Zwingli kanggo Reformasi [sunting]
Latar belakang [sunting]
Sawentara wong isa nemokaké akèh banget informasi ngenani teologi Martin Luther, Yohanes Calvin, lan liyané, relatif sithik banget kang isa ditemokaké babagan Ulrich Zwingli. Amerga jaman uripé Zwingli bebarengan karo jamané Luther, lan amerga Zwingli nolak tahbisan imam Katolik Roma amung pira-pira tahun sakwisé Luther, kayaké Zwingli wis dibayang-bayangi déning sumbangan Luther lan Calvin tumprap Reformasi.
Alesan liya kang gawé karier Zwingli kurang katon mungkin yaiku perbedaan-perbedaan teologiné déwé ketimbang karo Luther. Sebagian wong percaya yén amerga perbedaan-perbedaan iki para penulis sejarah lan aktivis agama, kang luwih duwéni simpati karo pandangan-pandangan doktriner Luther, mungkin mélu nekan pandangan-pandangan doktriner Zwinglin.
Teologi: sakramen lan perjanjèn (Zwingli versus Luther) [sunting]
Miturut E. Brooks Holifield, "Nalika Luther nyebut sakramen minangkameterai perjanjian, kang déwéké maksutaké yaiku yèn baptisan sacara katon ngesahaké lan njamin janji-janji Allah, kaya ngendi meterai kerajaan ngesahaké dokumen pemerintah kang katulis ing jeroné. Amung sacara sekunder baptisan iku dipahami minangka janji ketaatan déning manungsa. Nanging kanggo Zwingli, sakramen utamané yaiku 'salh sijiné tanda perjanjian kang nuduhaké yèn kabèh kang nampa gelem dadani uripé kanggo mèlu Kristus." (Holifield, "The Covenant Sealed: The Development of Puritan Sacramental Theology in Old and New Testaments" (1570-1720, New Haven, Conn.: Yale University press, 1974, 6).
Zwingli uga percaya yèn sakramen Kristen iku serupa karo janji utawa sumpah pawongan militer kanggo mbuktèkaké kerelaan déwéné ngrungokaké lan naati firman Allah.
Pengganti Zwingli [sunting]
Pengganti Zwingli, Heinrich Bullinger, dipilih nalika 9 Desember 1531, kanggo pendeta Gereja Grossmünster ing Zürich, salah sijiné posisi kang dijabaté nganti akhir uripé (1575). Déwéké ora nggantèni Zwingli minangka pemimpin politik kanton iku. Pendeta Grossmünster tetep duwni pengaruh politik, ananging jaman teokrasi kanggo Zürich wis liwat.
Garis wektu urip Zwingli [sunting]
- Zwingli lahir - 1484
- Zwingli dadi imam ing Glarus - 1506
- Zwingli dadi pendeta - 1516
- 95 dalil Luther - 1517
- Karl V dadi kaisar Romawi Suci - 1519
- Zwingli dadi imam di katedral Zürich - 1519
- Paus mengucilkan Luther - 1521
- Perjanjian Baru diterjemahake sajrone basa Jerman - 1522
- Adrianus VI dadi paus anyar - 1522
- Zwingli nikah - 1522
- Zwingli nerbitake traktat reformasine kang pertama
- Reformasi menang di Zürich - 1523
- Clemens VII dadi paus anyar - 1523
- Perang ing Jerman - 1524
- Gerakan Anabaptis ing Swiss - 1525
- Luther nikah karo Katharina von Bora - 1525
- Zwingli nerbitake traktate "babagan Agama kang bener & palsu" - 1525
- Karl V; Roma kalahake sacara militer
- Reformasi menang ing Berne - 1528
- Zwingli lan Luther katemu ing Marburg - 1529
- Confessio Augustana - 1530
- Liga Schmalkalden - 1531
- Zwingli gugur dalam pertempuran Kappeler - 1531
- Calvin dadi Protestan - 1533
- Calvin di Jenewa - 1536
- Confessio Helvetia disusun
Tokoh-tokoh Reformasi Swiss liyané [sunting]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ ulrich_zwingli, (Kaunduh 19/2/13).
- ^ ulrich-zwingli, (Kaunduh 19/2/13).