Tteokguk

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tteokguk nganggo mandu.

Tteokguk (떡국) yaiku jinis sop kang digawe saka adonan roti beras kang digodhog ing kaldu.[1] Masakan tteokguk ateges sup roti beras, biyasane disuguhake ing dina Seollal utawa taun anyar Imlek ing Korea.[1][2] Kaldun diwenehi bahan-bahan kayata bawang perai, daging sapi panggang, endhog goreng, lan roti beras.[1] Yen wis mateng, roti beras baka ngembang ing godhohan sup lan siyap disuguhake.[1] Saliyane dipangan nalika dina Seollal, tteokguk uga dipangan ing dina riyaya wulan purnama kang wiwitan (Jeongwol Daeboreum).[1] Saiki tteokguk dipangan bebarengan karo mandu (pangsit) kang isine daging kang diwenehi bumbu utawa janganan, mula sop iki uga diaranimandutguk (sop mandu).[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f (2002) An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co, 79. ISBN 89-8546-98-1.
  2. (id)Tteok Guk, kbs. Diundhuh tanggal 8 Juni 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tteokguk&oldid=602874"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès