Sam Worthington
| Sam Worthington | |
|---|---|
| Asma wiyosan | Samuel Henry J. Worthington |
| Miyos | 2 Agustus 1976 (umur 36) Godalming, Surrey, Inggris |
| Pakaryan | Aktor |
| Taun aktif | 2000-saiki |
Samuel Henry J. "Sam" Worthington (lair ing Godalming, Surrey, Inggris, 2 Agustus 1976; umur 36 taun) dhèwèké aktor kang asalé saka Australia, sadurungé mbintangi Avatar, Sam uga tau main ing film Terminator Salvation, Dhèwèké kuwi aktor saka Australia kang lairé ing Inggris. [1] Sam tau nyinaoni babagan seni ing John Curtis College, sing pungkasané mandheg nalika umuré 17 taun.[1] Dhèwèké metu amarga kudu nyambut gawé kanggo mbiayai uripé dhéwé.[1]
Ing umur 19 taun dhèwèké mèlu audisi supaya bisa olèh béasiswa ning NIDA (National Institute of Dramatic Art) kang wekasané agawé dheweké bisa terjun ing kariré, yakuwi donya hiburan. [1] Sawisé lulus saka pendhidhikané ing National Institute of Dramatic Art, Sam Worthington wiwit tampil ing serial-serial tivi lan [[film-film cilikan.[1] Film-film kasebut kayata THE JUDAS KISS, DIRTY DEEDS, GETTIN' SQUARE, lan film liyané.[1]
Karir internsionalé diwiwiti nalika dhèwèké olèh peran figuran ing film kang judhulé HART'S WAR, TERMINATOR SALVATION (meranaké Marcus Wright)lan THE GREAT RAID. [2] Ing taun 2010 Sam uga tau mèlu audisi supaya bisa meranaké aktor lègendharis, James Bond ing film CASINO ROYALE. [1] Wis diprediksikaké menawa Sam Worthington sing dadi James Bond, nggantèkaké Daniel Craig.[2]
Jenengé wiwit kondhang nalika dhèwèké dadi pemeran ing film kang sutradarani déning James Cameron.[1] James Cameron mènèhi kasempatan kanggo Sam Worthington supaya mainaké peran dadi Jake Sully ing film sains fiksi kang judhulé AVATAR. [1] Ing film kasebut, Sam meranaké tentara angkatan laut Amérika kang diwènèhi kawajibané ngontrol awaké makluk asing saka planèt njaba (alien) kang diwènèhi jeneng avatar.[1]
Ora akèh kisah ing kauripan Sam Worthington kang ditampilaké ning médhia.[1] Ananging nalika sasi Desember taun 2009, Sam ngenalaké pepujaning atiné, kang jenengé Natalie Mark marang masarakat nalika pamutaran kaping pisan film AVATAR ning bioskop Odeon Leicester Square London, Inggris. [1]
Bab lan Paragraf |
Filmografi [sunting]
| Film | |||
|---|---|---|---|
| Tahun | Film | Peran | Catatan |
| 2000 | Bootmen | Mitchell Okden | |
| 2002 | Hart's War | Cpl. B.J. 'Depot' Guidry | |
| Dirty Deeds | Darcy | ||
| 2003 | Gettin' Square | Barry 'Wattsy' Wirth | |
| 2004 | Somersault | Joe | Australian Film Institute Award for Best Actor |
| Thunderstruck | Ronnie | ||
| 2005 | The Great Raid | Pfc. Lucas | |
| Fink! | Able | ||
| 2006 | A Fairytale of the City | Unknow role | |
| Macbeth | Macbeth | ||
| 2007 | Rogue | Neil | |
| 2009 | Terminator Salvation | Marcus Wright | |
| Avatar | Jake Sully | Nominated — Saturn Award for Best Actor | |
| 2010 | Last Night | Michael Reed | |
| Clash of the Titans | Perseus | ||
| The Debt | Young David | ||
| The Candidate | Pre-production | ||
| The Texas Killing Fields | Pre-production | ||
| 2011 | Dracula Year Zero | Dracula | Pre-produksi |
| Televisi | |||
| Tahun | Judul | Peran | Catatan |
| 2000 | JAG | Dunsmore | Episode: "Boomerang: Part 1" |
| Water Rats | Phillip Champion | Episode: "Able to Leap Tall Buildings" | |
| Blue Heelers | Shane Donovan | Episode: "Bloodlines" | |
| 2004-2005 | Love My Way | Howard Light | 10 episode |
| 2005 | The Surgeon | Dr. Sam Dash | 8 episode |
| 2006 | Two Twisted | Gus Rogers | Episode: "Delivery Man" |
Sutradara [sunting]
| Tahun | Film | Catatan |
|---|---|---|
| 2004 | Enzo |
Penulis [sunting]
| Tahun | Film | Catatan |
|---|---|---|
| 2004 | Enzo |
Video Game [sunting]
| Game | |||
|---|---|---|---|
| Taun | Game | Peran | Cathetan |
| 2010 | Call of Duty:Black Ops | Alex Mason | Pengisi Suara |