Pit montor
Pit Montor yaiku salah sijining kendharaan rodha loro kang bisane mlaku ngganggo dayane mesin. Diarani pit montor amarga pancen mulabukane nduweni wujud kayadene pit kang dipasangi mesin. Pabrik pit montor Honda minangka dadi panguwasane pasar pit montor ing Indonesia, sahengga ing karang padesan pit montor uga kaarani honda.
Ing negara Indonesia, pit montor wis umum digunakake merga regane kang saya murah, playune bisa banter lan uga rosa, rumatane gampang, lan bisa digunakake ing samubarang papan senajan dalane elek, mblekuk, nanjak utnawa mung ujud plipiran. Ing kutha, wargane uga seneng nganggo pit montor merga nalikane dalan macet, pit montor bisa nlusup ing sela-selane mobil, trek, bis lan kendharaan liyane.
Umume, pit montor migunakake bensin minangka bahan bakare.
Bab lan Paragraf |
Jinise pit montor [sunting]
miturut bentuke [sunting]
- Montor kumbang
- Montor bebek
- Montor lanang
- Vespa/Sekuter
- Sekuter metik
- Montor tril
- Montor balap
- Montor Harley
Miturut pigunane [sunting]
- Montor komuter kanggo lunga padinan lan nglajo
- Montor pesiar kanggo lelungan kang adoh lan ngliwati maneka werna kahanan dalan
- Montor olahraga kayata montor tril lan montor balap.