Harley-Davidson
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Jenis | Public company |
|---|---|
| Industri | recreational vehicles |
| Didirikan | 1903 |
| Kantor pusat | |
| Tokoh penting | James L. Ziemer, CEO Thomas E. Bergmann, CFO James A. McCaslin, Div. President & Div. COO Donna F. Zarcone, Div. President & Div. COO |
| Produk | Motorcycles |
| Pendapatan | $5,015 juta (2004) |
| Karyawan | 9,000 (2004) |
| Situs web | http://www.harley-davidson.com/ |
Harley-Davidson Motor Company (NYSE: HOG) iku parusahan sing gawé pit motor saka Amérika Sarékat kang markasé dumunung ing Milwaukee , Wisconsin, Amérika Sarékat. Parusahan iki minangka salah siji saka 2 parusahan kang gawé pit motor Amérika sing isih kasisa, sijné manèh yaiku Victory).
Harley Davidson asalé saka Milwaukee, Amérika Sarékat[1]
Sajarah [sunting]
- 1901 Wiliam S Harley kepéngin gawé pit kang mesiné cilik nanging bentuké gedhé.[2]
- 1903 William S Harley lan Arthur Davidson(kancané) gawé pit motor Harley Davidson pertama.[2]
- 1904 tepaté ing tanggal 8 Séptember ditunju
- 1905 Harley Davidson wis mulai diprodhuksi ananging ésih diwatési[2]
- 1906 Harley Davidson Motor Company ndhirikaké pabrik ing Chestnut Street kang saiki dadi Juneau Avenue[3]
- 1907 Pabrik Harley Davidson digawé dadi duwé lanté loro, ing taun iki uga isa gawé motor 150 iji[3]
- 1909 ing taun iki, Pabrik Harley Davidson gawé motor kanthi 1.149[3]
- 1910 ing taun iki logone dipatenake[3]
- 1911 mesin ing Harley ana owahan dadi nganggo jenis V-Twins[3]
- 1912 Pit Motor Harley Davidson diékspor mara Jepang[3]
- 1913 Pabrik Harley Davidson ditambah maneh dadi 6 lanté, lan sebagéyan pit motor Harley Davidson mulai nganggo mesin V-Twins[3]
- 1917 20.000 iji pit motor Harley Davidson dinggo kanggo perang ing Perang Dunya I[3]
- 1920 Harley Davidson dadi prodhusén motor nomer 1 ing dunya[3]
- 1969 Pabrik Harley Davidson dituku déning American Machinery and Foundry. Kualitas pit motor ing taun iku mudhun amarga gaji[1] pekerja padha didhunake. Harley Davidson meh bangkrut taun iku [1]
- 1981 Harley Davidson dituku dening 13th Group, modél diapikaké, kualitas uga diapikaké. Citra Harley Davidson apik manéh [1]
- 1983 wonge-wong kang duwe motor Harley Davidson gawe perkumpulan kang arané HOG (Harley Owners Group)[1]
- 2003 100 taun Harley Davidson, ing taun iku dianakaké parade motor Harley lan wong kang teka ing acara iki ana 250.000 wong[1]
- 2006 Pembangunan Museum Harley-Davidson ing Menomonce Valley[1]