Menyang kontèn

Ngawen, Ngawen, Blora

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ngawen
Désa
Nagara Indonésia
ProvinsiJawa Tengah
KabupatènBlora
KacamatanNgawen
Pamaréntahan
 • Lurah désa-
Pepadhet-

Ngawen iku kalurahan ing Kacamatan Ngawen, Kabupatèn Blora, Provinsi Jawa Tengah, Indonésia. Wiwitané kacamatan Ngawen mbawahi 47 désa, nanging kanthi metuné Peraturan Pamaréntah Nomor 16 Tahun 1992 tanggal 4 April 1992, sapérangan wewengkon kacamatan Ngawen (18 désa) dimekaraké dadi kacamatan Japah.

Barkas:Kantor Kalurahan Ngawen.jpg
Kantor Kalurahan Ngawen

Pamekaran Wewengkon

[besut | besut sumber]

Kacamatan Japah sing anyar mau mbawahi wewengkon Désa Japah, Pengkolrejo, Bagareja, Ngiyono, Sumberejo (11), Wotbakah, Harjowinangun, Ngrambitan, Padaan, Tengger, Beganjing, Bogem, Tlogowungu, Dologan, Ngapus, Krocok, Kalinanas, lan désa Gaplokan.

Wewengkon Sing Isih Ana

[besut | besut sumber]

Suwaliké, gegandhèngan karo lairé kacamatan Japah, wewengkon kacamatan Ngawen mung kari 29 désa yaiku désa Ngawen, Berbak, Sukolilo, Sendangsari, Gondang, Ndohan, Punggursugih, Trembulrejo, Talokwohmojo, Wantilgung, Gotputuk, Bradag, Semawur, Kedungsatrian, Karangtengah, Kendayaan, Bandungrojo, Randualas, Rowobungkul, Gedebeg, Ketanggi, Sendangagung, Sendangmulyo, Bogowanti, Karangjong, Srigading, Harjowinangun, Sumberrejo, (13) lan Sarimulyo.

Dunungé

[besut | besut sumber]

Wates Géografi

[besut | besut sumber]

Tapel Wates

[besut | besut sumber]

Wates sisih lor kacamatan Japah, sisih wétan kidul kacamatan Banjareja, lan sisih kulon kacamatan Kunduran.

Transportasi

[besut | besut sumber]
Terminal Bis Ngawen

Désa Ngawen diliwati dalan Provinsi Jawa Tengah sing mujur ngétan yaiku ngubungaké Kutha Semarang-Blora liwat Purwodadi. Kondisi dalané pancèn wis awujud dalan aspal, nanging akèh sing ambles, mulané montor sing liwat kéné yèn ora alon-alon bisa kaya numpak prau sing kena ombak banyu. Nanging amarga jarak tempuh sing pancèn paling cedhak, dalan provinsi sing liwat Ngawen saben dina isih ramé banget diliwati déning bis-bis umum. Bis umum singngliwati Ngawen antarané bis jurusan Jakarta-Rembang-Cepu, Jakarta-Purwodadi-Blora, Kutha Sala-Purwodadi-Blora, lan liya liyané.

Pendidikan

[besut | besut sumber]
SMP 1 Ngawen

Fasilitas pendidikan kang sumadya ing Kacamatan Ngawen antarané: 26 TK, 41 SD, 1 MI, 7 SMP, 3 MTs, dan 1 SMA. Wiwit jaman mbiyen,Ngawen ngono kalebu wewengkon kang masyarakate maju tingkat kesadharan ing babagan ngudi ngèlmu. Sadurungé ana SMP nagari bocah bocah wis bisa sekolah ing SMP Pemda lan SMP Merdeka. SMP Pemda sateruse didadèkaké SMP nagari (taun 80an), SMP Merdeka minangka sekolah swasta kang dikelola kanti becik lan dadi rintisan sadurungé ana SMP Negeri. Alumnine akèh kang padha nerusaké ngudi ngèlmu tumekan Universitas Gajah Mada lan liya-liyané. Akeh uga sumbangsih SMP Muhammadiyah lan uga MTs Sultan Agung tumrap kemajuane pendidikan masarakat Ngawen. Sadurungé ana SMA Negeri Ngawen, nom-noman lumrahé padha nglurug sekolah tekan kutha Blora yaiku ing SMA Negeri 1 lan 2, SPG Negeri, SMEA Negeri, STM Negeri, lan ana uga sawatara sekolah lanjutan swasta kaya SMA PGRI Tutup, SMA Muhammadiyah, lan SMA Katolik. Ing Ngawen uga ana rintisan sekolah tingkat lanjutan yaiku SMA PGRI Ngawen kang rintisan sekolahé numpang SD Inpres (Berbak).

Ulah raga

[besut | besut sumber]
Gedhung Serbaguna IPHI Ngawen sing dianggo latihan ulah raga

Masarakat Ngawen sejatine mratelakake masarakat kang dhemen marang ulah raga. Ulah raga kang paling populer yaiku Balbalan (sepakbola). Kanggo kaperluwan iku para taruna racaké padha latihan bola ing lapangan Berbak (sayang saiki wis dadi pom bènsin) lan lapangan Gondhang. Ing sakiwa-tengené taun 80an Ngawen kawentar ing saindhenging kabupatèn Blora ing babagan ulah raga iki. Ing wektu semono ana kleb-kleb balbalan kang patut diajcungi jempol, yaiku PERSINGA (persatuan sepakbola Ngawen), PSS (persatuan sepakbola sukolilo), PS Tunas mudha / Victory. Kompetisi lan turnamen balbalan uga kalebu rutin kaleksanaake, antarané kompetisi 17 Agustusan, piala LKMD (jamane bupati Sumarno). Ulah raga liyané kang uga duwé penggemar kang akèh yaiku voli (volley ball). Ngawen tau duwé pakumpulan voli kang banget kesohor ing jamane (taun 80an) yaiku MERPATI, kang racaké latihan ing lapangan voli kidul kuburan utawa lapangan kawedanan.

Ékonomi

[besut | besut sumber]

Pertanian

[besut | besut sumber]

Ngawen kalebu tlatah tadhah udan, saéngga pertanian kaya déné tuwuhan pari mung bisa panèn sataun pisan amarga mung ngandelaké tumuruné udan. Banyu ilèn-ilèn irigasi saka Wadhuk Kedhung Amba ora tekan tlatah iki. Mangka dhèk jaman penjajahan Walanda waé wis tau ana irigasi, malah salurané nganggo nyabrang kali barang, yaiku di ilèkaké liwat talang (treteg talang). Produk unggulan pertanian saka Kacamatan Ngawen mligi pari, kedelé, lan jagung. Kanthi majuné ngèlmu pertanian, warga saiki wis akèh sing nandur jagung bibit unggul, kaya ta jinis jagung pionir. Kajaba iku akèh sing padha mbudi daya nandur jati mas. Migayutan karo taneman pangan kang diasilake, warga masyarakate duwé kebiyasaan kang apik yaiku nabung. Béda karo lumrahe masarakat ing tlatah liyané kang padha nyimpen ing bank, simpenane masarakat kéné lumrahe awujud rajakaya, antarané mendo, lembu kebo lan liya-liyané. Kanti mangkono limbah tetanen kang awujud damen, klobot, kathek lan liya-liyané bisa kagunaake kanti luwih manfaat, ora keguwak percuma. Masarakat tani kang ngingu rajakaya ora perlu bingung nggolekake pakan, marga wis kasedhiayakake alam. Malah kabiasaan ngingu rajakayaiku satemene mbukak lapangan kerja, antarané usaha ngarit sukete payu didol, usaha paron sapi, yèn ora duwé sapi bisa ngrumat sapine liyan mengko asile dibagi loro lan sateruse.

Pertambangan

[besut | besut sumber]

Amarga dumunung ana ing tlatah Pegunungan Kendheng, Ngawen duwé potènsi kandhungan hasil tambang wujud watu gamping (limestone). Saliyané watu gamping, ing sisih kidul yaiku désa Talok Wohmojo lan sak kubengé, wiwit jaman Walanda kalebu laladan penghasil lenga patra (Blok Cepu).

Industri Rakyat

[besut | besut sumber]

Déné hasil indhustri rakyat kaya ta: krupuk, batu bata, lan barang-barang kerajinan.

Kesenian

[besut | besut sumber]

Kesenian rakyat sing paling populèr antarané wayang, kethoprak, campur sari, barongan, kentrung, wayang Krucil, kagunan tayub

Cagar Budaya

[besut | besut sumber]

Salah sawijining Cagar Budaya wujud gedung tuwa tilas jaman Walanda yaiku Kantor Pegadean Ngawen sing di bangun ing taun 1911. Gedung mau nganti saiki isih wutuh lan isih dianggo minangka fungsi asliné yaiku Kantor Pegadean utawa Gadéan.

Kantor Pegadean Ngawen sing dibangun ing taun 1911

Spiritual

[besut | besut sumber]

Masarakat Ngawen iku masarakat kang agamis. Masjid Kauman lan Masjid Albadar minangka papan ibadhah kebanggaan masarakat muslim Ngawen. Kejaba iku taruna kang arep ngudi ngèlmu agama, ing Ngawen uga ana pondhok pesantren putra-putri kang mbiyèn kaastha panjenengané Kyai Jirin. Masarakat (khususé muslim) uga percaya babagan leluhur désa Ngawen. Miturut kapercayan masarakat leluhur tlatah Ngawen yaiku mbah Pungkur. Pasareyane ana ing paseban sakmburi kawedanan. Kebiasaan masarakat yèn duwé pepinginan apa manèh gegayuhan lumrahé padha Nduwé Uni (nazar), yèn pepinginan lan gegayuhan mau keleksanan saklumrahe padha nglaksanakake uni mau awujud sukuran sego tumpeng lan ingkung ayam digawa lan didongani ing pasareyane Syaih Ahmad Syadhali (Mbah Pungkur), waktune Malem Jum'at Kliwon. Sanajan masyarakate agamis religius, masarakat Ngawen uga toleran, kabuktekake kanti anané gréja katolik, gréja kristen jawa, lan uga gréja pasisirkosta.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]