Menyang kontèn

Narto Sabdo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ki Narto Sabdho

Ki Narto Sabdo (lair ing Klathèn, 25 Agustus 1925 – tilar donya ing Semarang, 7 Oktober 1985 kanthi yuswa 60 taun) ya iku salah sawijiné maestro Kesenian tradhisional Jawa kang ana ing Indonésia.[1] Asma kondhang Ki Narto Sabdo wus cinathet minangka “empu” kesenian tradhisional Jawa.[1] Panjenengané kondhang minangka seniman karawitan lan dhalang wayang kulit kang mumpuni.[1]

Sejatiné Ki Narto Sabdo

[besut | besut sumber]

Ki Narto Sabdo (lair ing Klathèn, 25 Agustus 1925 – pati ing Semarang, 7 Oktober 1985 ing umur 60 taun) ing yuswa 60 taun, Ki Narto Sabdo punika seniman musik lan dhalang wayang kulit legendaris sakia Jawa Tengah, Indonésia. Ki Narto Sabdo miyos ing Dusun Krangkungan, Désa Pandhes, Kacamatan Wedhi, Kabupatèn Klathèn, Jawa Tengah.[2] Asma asline Ki Narto Sabdo ya iku Sunarto, Putra kakungé Bapak Parta Tanaya (mranggi/ tukang gawé rangka duwung).[1] Soenarto lan seduluré kang cacah 8 urip ing kulawarga kang sarwa pas-pasan.[1] Mula saka iku, riwayat sekolahé mung tutug SD (standart school) Muhamadiyah kang ora béda karo sadulur liyané.[1] Nyawang kahanan kang sarwa kurang iki panjenengané wus kulina urip prihatin lan duwé tekad bakal ngènthèngaké panandhang ing kluwargané kanthi cara dodol layah/cowèk kang digambari topèng.[1] Soenarto wiwit cilik wis nuduhaké bakat seni, mula panjenengané wani ngulandara (mengembara = Indonesia) kanthi tekad kang gumolong.[1] Wiwit umur 15 taun panjenengané wus asring mèlu pakumpulan wayang wong.[1] Wus ora kaétung pira cacahé paguyuban wayang wong kang wus “ditèmplèki” nganti panjenengané srawung karo Ki Sastro Sabdo.[1] Ki Satro Sabdo mono pimpinan Wayang Orang (WO) Ngesti Pandawa Semarang, Soenarto wiwit bisa nemu papan kang sreg kanggo nggayuh pengangené dadi seniman kondhang.[1] Ki Narto Sabdo dadi dhalang, ing satengahing taun 60-an, lan nyoba nerobos donya padhalangan pakeliran biyasa nganggo pakeliran kang wis diowahi.[1] Karya-karya seni saka Ki Narto Sabdo wus kawentar ing Nuswantara mliginé ing wewengkon tanah Jawa Tengah.[2]

Kréasi sajeroning Nyipta Gendhing

[besut | besut sumber]

Nalika ambyur nyawiji ing WO Ngèsti Pandhawa, Sunarto wus pinitaya nggarap gendhing-gendhing kanggo péntas.[3] Wiwit saka iku panjenengané gawé reriptan-reriptan anyar ing bab olah kridhaning gendhing.[3] Saka yasan gendhing anyar iki, WO Ngèsti Pandhawa bisa milut sakèhing kang padha nonton pergelaran WO iki.[3] Salah sawiji karya Ki Narto Sabdo kang kondhang ya iku lelagon Swara Suling.[3] Lelagon iki kacipta nalika tresnané Soenarto keplok sisih asta marang sawijining putri kang ditresnani.[3] Sajeroning ngrenungaké rasa kuciwa lan prihatin, lamat-lamat keprungu swara suling kang ngunèkaké lagu Jepang kang sinebut lagu Miyoto.[3] Saka kaanan iki, Sunarto ngripta lelagon Swara Suling.[3] Lelagon-lelagon seratan Ki Narto Sabdo rikat kondhang amarga kapopulèraké lumantar pentas WO Ngesti Pandawa.[3] Saka atusan karya gendhing Ki Narto Sabdo, manéka warna panyaruwé saka para musisi tradhisional Jawa.[3] Para musisi tradhisi duwé panganggep manawa karya Narto Sabdo wus mbadhal saka pakem karawitan tradhisi kang duwé aturan kang gumathok.[3] Ki Narto Sabdo uga nglenggana manawa akèh panyendhu ing bab karya-karyané, nanging yèn kabèh gelem ngrasakaké lakuné gendhing Nartosabdan bisa katitik yèn gendhing-gendhing mau ora mbadhal saka pakem nanging kembangan garap gendhingé waé kang béda.[3] Awit saka iku, Ki Narto Sabdo dadi ikon kréasi gendhing ing jagad karawitan lan mopulèraké manawa kesenian tradhisi iku kudu “nut jaman kelakoné”.[3] Karya lelagon anggitané Ki Narto Sabdo kang kondhang kaya ta Swara Suling, Lesung Jumengglung, Lumbung Désa, Prau Layar, Ketawang Ibu Pertiwi, Rujak Jeruk, Glopa-Glape, Mari Kangen, Langgam Setya Tuhu lsp.[3]

Musisi Jawa Tradhisional

[besut | besut sumber]

Saliyané pinangka pangripta lan pangrawit mumpuni, Ki Narto Sabdo uga minangka musisi tradhisi.[4] Wiwit isih timur, panjenengané wus ngertèni jinis musik keroncong.[4] Mula unsur musik mau dilebokaké ing karya-karyané, tuladhané nggunakaké intro lan garap irama telungprapat (¾) kang durung umum digunakaké ing donyaning karawitan.[4] Ana manèh titikan gendhing Nartosabdan ya iku ana suwara siji loro kaya musik barat, mula ora mokal yèn gendhing iku dipentasakè pengrawit sanjabaning kelompok Ki Narto Sabdo.[4] Gendhing langgam kang diadopsi saka keroncong dikembangaké lan diowahi garapé ndadèkaké rasa keroncongé luluh ing rasa karawitan.[4] Langgam-langgam anggitané Ki Narto Sabdo kang misuwur tuladhané Nyidham Sari, Impènku, Kadhung Tresna, Klinci Ucul, Mlathi Rinoncé, Setya Tuhu, lsp.[4]

Maestro ing Pakeliran

[besut | besut sumber]

Taun 1958, Ki Narto Sabdo wiwit nglirik jagad pakeliran.[2] panjenengané péngin dadi dhalang kanthi sangu kawasisan ing bab olah gendhing lan sastra, panjenengané wiwit ngasah kawasisan ing pakeliran.[2] Kanthi daya kreatipitas kang pinunjul, Ki Narto sabdo nggabungaké pakeliran gaya Surakarta, Banyumas, lan Yogyakarta wusanané dadi gagrag anyar ing jagad pedhalangan.[2] Kanthi kawasisané, ora mokal yèn gagrag pakeliran Nartosabdan dadi panutan dhalang-dhalang mudha.[2] Lakon andhalané yaiku Sawitri, Somba Juwing, Pendadaran Siswa Sokalima, Dasa Griwa, Mustakaweni, Ismaya Maneges, Gatutkaca Sungging, Gatutkaca Wisuda, Arjuna Cinoba, Kresna Apus, lan Begawan Sendhang Garba, lsp.[2]

Bebungah

[besut | besut sumber]

Amarga wus kabukti akèh labuh labeté ing jagad kesenian Jawa, Ki Nartosabdo wus nampa anugrah[5]:

  1. Mandhala Budaya, saka YABSI Surakarta (tanggal 31 Dhésèmber 1971),
  2. Anugrah saka Pangkowilhan II ngenani Ketahanan Budaya/ Kesenian (tanggal 4 April 1974),
  3. Dharma Pewayangan, saka Pusat Pewayangan Indonésia Jakarta (22 Mèi 1976),
  4. lsp.[5]

Sakèhing anugrah kang ora sinebut mratandhani sakèhing labuh labet kang ora bisa digunggung cacahé nganti puput yuswa duk rikala 7 Oktober 1985 (60 taun).[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l warta.pepadi.com[pranala mati permanèn](28 April 2011)
  2. a b c d e f g Hadiwijaya, 2010, Tokoh-Tokoh Kajawèn, hal. 207, Eule Book, Yogyakarta
  3. a b c d e f g h i j k l m lensaindonesia.com[pranala mati permanèn](30 Mèi 2011)
  4. a b c d e f Ki Narto Archived 2011-03-15 at the Wayback Machine.(30 Mèi 2011)
  5. a b c Semarang[pranala mati permanèn](30 Mèi 2011)