Muhammad Jusuf Kalla

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
M. Jusuf Kalla

Muhammad Jusuf Kalla (lair Watampone, Sulawesi Kidul 15 Mei 1942) iku Wakil Presiden Indonesia saiki. Dhèwèké iku wong Makassar sing uga dadi pangusaha kanthi gendéra Kalla Group, sing nduwèni manèka jaringan bisnis macem-macem.

M. Jusuf Kalla dadi menteri ing jaman Abdurrahman Wahid (Presiden RI ka-4), nanging dilèrènaké amarga diduga KKN.

Jusuf Kalla diangkat manèh dadi Menteri Koordinator Kesejahteraan Rakyat ing andhahané Megawati Soekarnoputri (Presiden RI ka-5). Jusuf Kalla mundur saka dadi menteri amarga sedya nyalon dadi wakil presiden, bebarengan karo calon presiden Susilo Bambang Yudhoyono.

Kanthi kamenangan sing diranggèh Susilo Bambang Yudhoyono dadi Presiden RI sing ka-6, kanthi mangkono M. Jusuf Kalla uga nyekel panguwasa dadi Wakil Presiden RI sing ka-10. Reruntungan karo Susilo Bambang Yudhoyono, kaloroné dadi Presiden dan Wakil Presiden RI pisanan sing dipilih langsung déning rakyat.

Dhèwèké uga dadi ketua umum Partai Golkar nggantèkaké Akbar Tanjung wiwit Desember 2004.

[sunting] Uga pirsani

Didhisiki déning:
Hamzah Haz
Wakil Presiden Republik Indonesia
2004 - saiki
Diganti déning:
Boediono


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès