Malware

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tingkah Malware.

Malware yaiku program komputer kang digawé kang tujuan utamané yaiku kanggo golèk kalemahan software.[1] Biyasané malware digawé kanggo mbobol utawa kanggo ngrusak salah sijiné piranti alus (software) utawa sistem operasi (operation sistem). Conto saka malware yaiku virus, worm, wabbit, keylogger, browser hijacker, trojan, horse, spyware, bacdoor, dealer, exploit lan rootkit.

Manéka malware[sunting | sunting sumber]

  • Virus

Yaiku istilah kang kerep digunakaké kanggo kabèh jenis piranti alus kang ngganggu komputer. Bisa dadi iki jenis malware pisanan kang ana. Virus bisa manggon ana ing tipe file-file. Ananging targèt utama virus yaiku file kang bisa dilakokaké kayata EXE, COM, lan VBS kang dadi salah sijiné piranti alus. Boot sektor uga kerep didadèkaké sasaran virus kanggo manggon. Pira-pira file dhokumèn uga didadèkaké panggonan karo virus.[1] Penyebarané marang komputer liya kanthi bantuan panggunan komputer. Nalika file kainfèksi lan dilakokaké ing komputer liya, kamungkinan komputer liya iku bakal kaifèksi uga. Virus golèk file liya kang bisa diserang lan banjur manggon ana ing kono. Bisa uga virus nyebar liwat jaringan peer-to-peer kang wis ora liya manèh digunakaké kanggo pira-pira file.[1]

  • Worm

Utawa cacing, kaya mangkono sebutané. Yèn virus manggon ing salah sijiné program utawa dhokumèn, cacing-cacing iki ora kaya mangkono. Worm utawa cacing yaiku salah sijiné program kang ngadeg dhéwé lan ora mbutuhaké panggonan kanggo nyebaraké dhèwèké. Pinteré manèh cacing ora merlokaké bantuan wong kanggo nyebaraké dhèwèké. Lumantar jaringan cacing bisa ngendhog ing komputer-komputer kang kagandhèng sajroné lemahé salah sijiné sistem, biyasané ing sistem operasi. Sakwisé mlebu ing njero prosès boot salah sijiné komputer. Kang liyané mungkin matèni aksès ing situs antivirus, gawé nonaktif fitur kaamanan ing sistem lan tindakan liya.[1]

  • Wabit

Istilh iki mungkin asing ananging pancèn ana tipe iki. Kaya worm, wbbit ora mbutuhaké program utawa dhokumèn kanggo manggon. Ananging béda karo worm kang nyeberaké awaké dhéwé marang komputer liya migunakaké jaringan. Wabbit manak sacara terus-terusan ing sajroné komputer lokal lan asil anaké bakal nggrogoti sistem. Kerjané komputer bakal keganggu amerga wabbit mangan sumber data kang lumayan akèh. Sakliyané ganggu kerjané komputer amerga sumber daya iku, wabbit bisa diprogram kanggo nduwèni èfèksamping kang èfèké padha karo malware liyané.

  • Dialer

Saumpama komputer kang digunakaké, kok nyoba ngubungaké ing jaringan internèt padhahal ora ana piranti alus kang dilakokaké mbutuhaké konèksi. Komputer kamungkinan wis kena malware kang kondhang kanthi istilah dialer. Dialer ngubungaké menyang internèt guna ngirimaké informasi kang ditemokaké déning keylooger.

  • Keylogger

Ngati-ati yèn lagi internètan ing warnèt. Bisa uga komputer ing warnet iku di-instal kanthi piranti alus kang ditepungi kanthi jeneng keylogger kang nyathet kabèh tombol keyboard. Cathetan kang disimpen ing njero salah sijiné file kang isa didelok sak wisé dienggo sacara jangkep. Ing njeroné kétok informasi kayata aplikasi panggonan ngemèké tombol lan wektu ngemèké. Kanthi cara iki salah sijiné wong isa ngertèni jeneng pananggo (user name) lan tembung sandhi (password) lan pira-pira informasi liya kang dilebokaké kanthi cara ngetik. Ing tingkat kang luwih pinter keylogger ngirim log kang biyasané arupa file tèks iku marang salah sijiné wong. Temtu baé iku dilakokaké tanpa ora dingertèni pangguna.[1]

  • Browser Hijacker

Ngarahaké paramban (browser) kang semesthiné nampilaké situs kang selaras karo alamat kang dilebokaké marang situs liya. Iku conto paling parah kang disebapaké déning browser hijacker. Conto liya kang bisa dilakokaké déning pembajak yaiku nambahaké bookmark, ganti homepage lan ngowahi peraturan paramban. Ngomongaké babagan paramban ing kéné éntuk percaya lan yakin 10005 paramban kang diomongaké yaiku internet explorer. Sak liyané internèt explorer gawéyané microsoft, raseksa pangasil piranti alus kang prodhuké kerep didadèkaké sasaran serangan cracker, internèt explorer yaiku paramban kang paling akèh digunakaké wong kanggo internètan. Ora gumun yèn internet explorer wis dadi siji karo windows, sistem oprasi saka microsoft kang kerep diserang karo cracker.[1]

  • Backdoor

Backdoor yaiku salah sijiné métodhe kang digunakaké kanggo ngliwati autentifikasi normal (login) lan bèn ora kadhetèksi. Backdoor iku dhéwé kerep dilakokaké liwat trojan lan worm.[2]

  • Rootkit

Yaiku salah sijiné piranti alus kang bisa ngaksès root utawa administrator sacara terus-terusan. Biyasané haker luwih dhisik nginstal rootkit ing komputer kanthi tujuan bisa mikolèh hak aksès root utawa administrator lan kerep digunakaké kanggo gawé program mlaku dhéwé tanpa didhetèksi. Rootkit dhéwé bisa nyerang sajroné pira-pira mode yaiku user mode, kernel mode, lan boot mode (bootkit).[2]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f malware, Kaunduh 23/10/12.
  2. ^ a b Macam-macam Jenis Malware dan Cara, (Kaundhuh 29/10/12).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Malware&oldid=864550"