Worm
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 1313 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Worm utawa cacing komputer yaiku salah sijiné program komputer uga kalebu pérangan saka malware.[1] Program iki mbebayani khususé isa nyalin kaping pirang-pirang, ing drive lokal, jaringan, é-mail, utawa internèt.[1] Program iki migunakaké jaringan komputer kanggo ngirémaké salinan awaké déwé ing node liyané lan isa nginfèksi tanpa dingertèni user.[1] Ancas saka worm yaiku kanggo produksi, ora kaya virus kang nyoba nginfèksi, ananging nyalin kode èmbed ing jero file liyané.[1] Bab iki disebapaké déning kelemahan keamanan ing komputer targèt.[1] worm ora nginfèksi file utawa modifikasi file ananging marakaké rugi déning jaringan amerga worm bakal mangan bandwith jaringan, sahéngga ngakibataké speed internet lemot utawa suwi.[1] Jenis worm kang paling umum yaiku worm émail. Jumbuh karo jenisé, worm émail ora nulari file liyané kaya déné virus ananging worm mung gawé salinan dèwèké kanti terus-terusan.[1] Worm émail nglakokaké taktik sederhana.[1] Bayangké yèn émail salah sijiné wong kang kainfèksi lan nduwèni 20 alamat émail kang ditemokaké ing sistemé.[1] mangka worm bakal ngirim salinan dèwèké ing alamat kasebut.[1] Yèn salah sijiné émail penerima terinfèksi, mangka bakal ngirimaké utawa nyebaraké salinan worm marang kanca-kancané tanpa disadari.[1]
Kerusakan kang Diakibataké [sunting]
- Ranté Émail Massive
Worm komputer migunakaké pira-pira cara kanggo bisa mlebu ing jero file cache web lan berusaha golèk alamat é-mail korban, utawa ngrayu korban supaya mbukak é-mail katentu kanti judul kang gawé penasaran. Sak wisé iku, worm bébas kanggo ngirim é-mail marang kabèh daftar kang ana ing kontak kanggo nyebaraké awaké déwéné.
- Ngehapus file
Worm isa ngehapus file. Worm nyusup ing komputer lan banjur menimpa file kanti ekstensi katentu, kayata EXE, jpeg lan akèh jenis èstènsi liyané. The conficker worm yaiku salah sijiné jenis saka worm kang ngehapus lan ngenonaktifaké file.
- Nyolong informasi
Nyolong informasi arupa anceman kang serius kang kerep dikaétaké karo worm. Jenis informasi kang dicoolong mulai saka kang cilik kayata alamat e-mail utawa password game, nganti kang gedhé kayata nomer kartu kredit.
- Lockout
Lockout kedadéan nalika worm ngganti password e-mail komputer korban. Ika marakaké korban ora isa mlebu ing é-mailé utawa komputeré.
- Mass Histeria
Mass Hysteria (histeria massa) lan kebingungn donya yaiku salah sijiné kang isa dikaétaké karo worm komputer, utamané yèn worm nginfèksi komputer kanti cepet lan ora dingertèni. salah sijiné conto worm jenis iki yaiku worm Morris kang isa matèni internèt kanggo pirang-pirang dina.[2]
Cara Ndetèksi Worm [sunting]
- Periksa kecepetan kinerjané komputer
Yèn komputer perlu wektu luwih suwi saka biasané kanggo reboot utawa konèksi ing internet, mangka iku ciri-ciri komputer wis kena utawa kainfèksi worm.
Yèn ing layar terus-terusan nonton pop-up, kemungkinan komputer wis kanfèksi worm. Program-program iki isa mbebayani amerga isa nonton kebiasaan surfing lan isa nyolong data.
- Ngati-ati ing objèk komputer kang angèl dihapus.
- Delenga indikator lampuing komputer
Yèn dideleng ana tanda send utawarecive berkedip senajan ora ana aktivitas, iki mungkin ana aktivitas ing jero komputer kang tanpa dipréntah.[3]
Cathetan Sikil [sunting]