Trojan
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 101 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Trojan utawa progran trojan horse yaiku program mbebayani kang étok-étoké dadi salah sijiné aplikasi jinak.[1] Salah sijiné program Trojan horse sengaja ngapusi pangguna kanti étok-étok dadi program kang ora mbebayani pangguna internèt tanpa curiga nglakokaké program kasebut.[1] Kanti nglakokaké program kasebut sacara ora langsung pada karo nglebokaké trojan kasebut ing sajroning bèntèng komputer.[1] Trojan ora virus amerga dèwèké ora meréplikasi dèwèké déwé, ananging program trojan isa ngrusak kayadené virus.[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah lan Dèfinsi [sunting]
Asal muasal istilah Trojan Horse saka negara Yunani, ing ngendi kaceritakaké para pejuang umpetan ing sajroning Jaran Trojan kang digawé saka kayu kang gedhé banget.[2] Wong kabèh mau banjur mentu saka Jaran Trojan kasebut sakwisè dikira lunga saka daérah kasebut banjur nyerang targèt–targèt kang wis ditentokaké.[2] Banjur para pejuang iku mènèhi dalan marang para pejuang liya kang arep nyerang. Trojan digolongaké ing jenis malware yaiku automated-program utawa program kang isa urip déwé.[2] Trojan uga dianggep destruktif, anamung waé dèwèké ora kaya virus kang nyebar, ananging bakal didetèksi minangka virus.[2]
Fungsi [sunting]
- Trojan arupa tool kang isa digunakaké kanggo monitoring mesin liya.[3] Isa diartèkaké trojan minangka kaméra kang tersembunyi kang dipanggonaké ing komputer targèt.[3]
- Trojan béda karo hacking tools, amung minangka pelengkap sajroning langkah hacking.[3]
Jenisé Trojan [sunting]
- Trojan Remote Access
- Trojan Pengirim Password
- Trojan File Transfer Protocol (FTP)
- Keyloggers
- Trojan Penghancur
- Trojan Denial of Service (DoS) Attack
- Trojan Proxy/Wingate
- Software Detection Killers.[4]
Cara Ngatasi Bahaya Trojan [sunting]
- Task List
Pandektèsiane kanti ndeleng daptar program kang lagi mlaku ing task list. Daptar isa ditampilaké kanti mijèt tombol CTRL + ALT+ DEL utawa klik kanan ing toolbar banjur klik task manager. Sakliyané isa ngertèni program kang lagi mlaku, pangguna uga isa ngendeg salah sijiné program kang dianggep anèh lan nyurigani. Ananging pira-pira trojan tetep ngumpet saka daptar task list iki. Sahingga kanggo ngertèni sacara lengkap program kang lagi mlaku sacara sekabèhané perlu dibukak System Information Utility(msinfo32.exe). kang manggon ana ing: C:\Program files\common files\microsoft shared\msinfo. Tool iki isa ndeleng kabèh prosèsé iku kang lagi mlaku, isa iku kang ngumpet saka task list utawa ora. Anata kang perlu diperiksa yaiku path, jeneng file, properti file lan mlakun file (exe sarta file).[4]
- Netstat
Kabèh trojan mbutuhaké komunikas. Yèn dèwèké ora nglakokaké komunikasi berarti tujuané muspra. Iki salah sijiné kelemahan kang utama saka trojan, kanti komunikasi berati dèwèkÉ ninggalaké bekas kang sak banjuré isa ditelusuri. Perintah Nestat fungsiné mbukak konèksi marang lan saka komputer wong liya. Yèn perintah iki dilakokaké mangka bakal ngetokaké IP address saka komputer kasebut lan komputer kang konèk karo dèwèké. Yén ditemokaké IP address kang ora dikenal mangka perlu diselidiki.[4]
Cara Nyegah Trojan [sunting]
Trojan nyusup ing komputer korban, pastèkna masang antivirus kang kerep di-update, ngaktifaké Firewall isa iku saka gawanan windows utawa saka njaba. Ngati-ati yèn komputer ana sing anèh utawa ora kaya biasané. Indari panganggoan software ilegal amerga kerep tanpa disadari software kasebut ngandut trojan. Yèn ngedownload software saka situs-situs kang bener-bener isa dipercaya.[4]