Maja
| Artikel iki tanpa rowang, artiné mung sithik utawa ora ana artikel liya sing ngrujuk tumuju kaca iki. Sumangga mbiyantu ngembangaké artikel iki |
| Maja | |
|---|---|
| Woh maja ing kawasan Senayan, Jakarta | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| Subkelas: | Rosidae |
| ordo: | Sapindales |
| kulawarga: | Rutaceae |
| Genus: | Aegle |
| Species: | A. marmelos |
| Jeneng binomial | |
| Aegle marmelos (L.) Corr. |
|
Maja (Aegle marmelos (L.) Correa, iku jinising jeruk-jerukan utawa Rutaceae) sing wité kuat ing panggonan sing angel nanging godhongé gampang rontok. Asliné seka Asia tropika lan subtropika. Tanduran iki umumé dibudidayakaké ing pekarangan tanpa dirumat. Maja iku isih saseduluran karo kawista. Ing Bali dikenal kanthi sebutan bila.
Tanduran iki bisa tuwuh ing panggonan sing angel, upamané suhu panas banget (49°C) ing mangsa ketiga utawa -7 °C ing musim adhem ing Punjab (India), sadhuwuring +1.200m seka lumahing segara. Ing Asia Kidul-Wétan, maja mung bisa ngembang lan ngewoh kanthi becik yèn mangsa garing sing krasa tenan lan ora umum katemon ing elevasi sadhuwuring 500 m. Maja bisa waé urip ing tlatah rawa, garing, lan semanak karo lemah sing rada basa (salin).
Kulit njaba woh maja wernané ijo nanging isiné kuning utawa jingga. Ambuné wangi lan banyuné manis, ora kaya anggepan sawetara wong Jawa sing nganggep rasané pahit.
Rena-rena [sunting]
Maja kasebut ing mitos dumadiné karajan Majapahit, karajan sing nguwasani saindhenging Nusantara ing abad XIII-XV. Jaré crita gethok tular, Radèn Wijaya, sing ngadegaké karajan, éntuk lemah ing tlatah Tarik (saiki sakidulé Surabaya). Nalika lagi babad alas ana prejurité sing mangan woh maja. Kebeneran rasané pait. Mula, panggonan bulak kana banjur kasebut "Majapahit".