Louis-Jacques-Mandé Daguerre
| Louis-Jacques-Mandé Daguerre | |
|---|---|
Louis-Jacques-Mandé Daguerre |
|
| Lair | Cithakan:18 Cormeilles-en-Parisis, Val-d'Oise, Prancis |
| Tilar donya | 10 Juli 1851 (umur 63) Bry-sur-Marne, Prancis |
| Dikawruhi amarga | prosès pamanggihan daguerreotype |
| Tapak asma | |
Louis-Jacques-Mandé Daguerre (1787 – 1851) inggih menika salah satunggalipun seniman lan kimiawan saking Prancis ingkang misuwur amargi karyanipun ingkang naminipun prosès fotografi Daguerreotype.[1] Taun 1824, panjenenganipun ngawontenaken uji coba kanggé damel gambar, ngedalaken “pertunjukan diorama” kanthi kliling Prancis, Inggris, lan Skotlandia.[1]
Nalika taksih enèmipun, Daguerre dados seniman. Wonten ing yuswa kinten-kinten 30 (tigang dasa) taun, panjenenganipun ngrancang “diorama”. [2] Diorama inggih menika barisan lukisan pemandhangan ingkang saé sanget, dipunpamèraken kanthi èfèk sinar cahya. [2] Panjenenganipun nggadhahi pamikiran kados pundi damel piranti ingkang saged nglukisaken pemandhangan nanging boten mawi kuas lan cèt.[2] Èkspèrimèn ingkang sepisanan damel rancangan kaméra ingkang dèrèng saged kasil.[2]
Ing taun 1827, panjenenganipun kepanggih kaliyan Joseph Nicephore Niepce ingkang ugi taksih nyobi damel kaméra. Kalih taun salajengipun, Daguerre lan Niepce sesarengan nyobi damel kaméra. [2] Ananging ing taun 1833, Niepce tilar donya. Kapeksa Daguerre nglajengaken damel kaméra piyambak. Pungkasanipun Daguerre saged kasil ngembangaken setunggal sistem praktis fotografi ingkang naminipun “daguerreotype”. [2]
Taun 1839 Daguerre maringi informasi dhumateng bebrayan umum (masarakat) perkawis kaméra menika, ananging dèrèng dipunpatènaken. Pamaréntah Prancis maringi kanugrahan dhumateng Daguerre arupi pènsiun salawasipun gesang.[2] Amargi prastawa menika, Daguerre dados tiyang ingkang sanget dipunurmati déning masarakat lan dipunanggep kados déné pahlawan.[2]
Daguerre tilar donya taun 1851 ing caket kitha Paris, Prancis.[2]
Cathetan suku [sunting]
Pranala njawi [sunting]
- The Ruins of Holyrood Chapel dening Louis Daguerre.