Kukul
Kukul yaiku kahanan nalika pori-pori kulit kesumpelan saengga nyebabaké nanah kang dadi radhang.[1] Kukul kalebu penyakit kulit kang akéh nyerang manungsa.[1] Kukul disebabaké hormon kang owah saéngga ngrangsang kelenjar minyak ing kulit.[1] Owahing hormon liyané kang bisa ndadékaké kukul yaiku nalika lagi ménstruasi, lagi meteng, lan nggunakaké pil KB utawa nalika lagi stress.[1]
Kukul ora mung disebabaké amarga regedan ananging uga disebabaké faktor kang ana ing jero awak.[2] Kukul yaiku kondisi abnormal kulit kang diakibatké amarga gangguan prodhuksi kelenjar minyak (sebaceus gland) kang luwih kang nyebabaké saluran folikel rambut lan pori-pori kulit kasumpelan. [2]Kukul umumé disebabaké hormon, minyak utawa sebum ing kulit kang kacampuran karo baktéri.[2] Kukul disebabaké kelenjar minyak kang luwih kang diprodhuksi hormon androgen.[2] Kukul disebabaké amarga kelenjar minyak iku kecampur karo sèl kulit mati. [2]Nalika sèl-sèl kulit iku nyampur karo sebum, campuran kandel lan kanthil iku bisa mentuk zat kang nyumpeli saèngga malih werna dadi ireng utawa putih.[2] Kukul ora mung thukul ing rai ananging uga ana kang thukul ing awak kayata ing geger, dhadha, lan lengen bagéyan dhuwur.[2]
Pori-pori kang kasumpelan biyasané uga disebabaké kosmetik kang ngandhut akéh minyak utawa wedhak kang nyampur karo foundation. [2]Konsumsi obat kortikosteroid, kayata oral (obat kang diombé) utawa topical (obat oles),kang ngakibatké daya tahan awak saya suda uga ningkataké thukulé kukul awit aktivitas baktèri patogen kang saya akéh.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.