Kembang api

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kembang api
Suwasana Warsa Enggal paling gedhe sadonya ing kutha Sydney

Kembang api yaiku materi kang bisa njeblug. Kembang api uga nduwéni daya njeblug kang cilik piroteknik.[1] Kembang api umumé dianggo hiburan, amarga kembang api nduwéni efek lampu kang endah.[1] Kembang api uga digunaké nalika ana perayaan taun baru utawa dina-dina penting liyané.[1] Biyasané dianakaké pertunjukan kembang api.[1] Kembang api ngasilaké patang efek primer yaiku swara, cahya, pega, lan materi kang bisa mabur kayata confetti).[1] Kembang api dirancang supaya bisa mbledhos saéngga ngasilaké cahya kang werna-werna kayata abang, oranye, kuning, ijo, biru, ungu, lan perak. [1]Pertunjukkan kembang api wis dadi kagiyatan umum ing donya lan kalebu kagiyatan pésta kultural lan religius.[1]

Kembang api ditemokaké ing Cina kanggo medén-medéni roh jahat.[2] Saliyané nganggo kembang api uga kena digunakaké bubuk mesiu. [2]Kembang api uga digunaké ing perayaan lan féstival kayata Tahun Baru Imlek lan Féstival Bulan ing tengah musim gugur.[2] Negara Cina kalebu negara kang ngasilaké lan ngeskpor kembang api paling akéh ing donya.[2]

Sanajan katon apik, ananging kudu ati-ati yèn nyumet kembang api.[2] Kembang api nduwéni efek panas, saéngga bisa nyebabaké tatu yén kena geniné.[2] Wektu mbledhos bentuk lan wernané kembang api beda-deda siji lan sijiné, saéngga yén diblédhosaké bareng bakal nggawé efek cahya kang apik lan katon éndah.[2] Cacahé lan suwéné uripé cahya ing kembang api uga kena diatur.[2] Carané kanthi ngukur bahan-bahan kimia kang digunakaké kanggo nggawé kembang api.[2] Bentuké kembang api uga werna-werna.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g (id)kembangapiku.com(dipunundhuh tanggal 23 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j (id)travel.kompas.com(dipunundhuh tanggal 23 Juni 2011)
Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Kembang api ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kembang_api&oldid=618220"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès