Kanker paru-paru
| Kanker paru-paru | |
| Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal | |
| Potongan dari paru-paru manusia (Warna putih menandakan bagian yang terkena kanker, sedangkan bagian berwarna hitam menunjukkan paru-paru ini adalah milik seorang perokok. | |
| ICD-10 | C33-ICD-10 Chapter C|C34 |
| ICD-9 | 162 |
| DiseasesDB | 7616 |
| MedlinePlus | 007194 |
| eMedicine | med/1333 med/1336 emerg/335 radio/807 radio/405 radio/406 |
| MeSH | D002283 |
Kanker paru-paru iku thukulé sèl kanker kang ngluwihi wates ing sanjeroné jaringan paru.[1] Patogenesis kanker paru-paru durung bisa dibedhek kanthi bener.[1] Ana uga kang ngarani sel mukosal bronkial kang ngalami owah-owahan metaplastik minangka tanggepan marang paparan kronis saka partikel kang kasedot lan nggawé tatu paru-paru.[1] Penyakit kanker paru-paru kalebu penyakit kanker kang mbebayani lan bisa gawe mati.[1] Kanker paru-paru bisa nyerang wong lanang apadené wong wadon.[1] Yèn kabandingaké karo penyakit liyané kayata kanker prostat, kanker usus, lan kanker payudara, penyakit kanker paru-paru luwih cepet ngalami peningkatan.[1] Penyakit kanker paru-paru iku penyakit amarga sel kang thukul kanti cepet utawa (abnormal) ing jaringan paru kang disebabaké amarga owahing bentuk jaringan sell utawa ekspansi saka sel iku dhewé.[1] Yén dijarke, sel kang thukul kanthi abnormal iki bisa nyebar ing organ liyané kang cedhak karo paru-paru apadené kang adoh saka paru-paru kayata balung, ati, utawa [[utek].[1]
Penyakit kanker paru-paru luwih akéh disebabaké amarga rokok yaiku kurang luwih 87%.[1] Saliyané amarga rokok kanker paru-paru uga disebabaké amarga zat asbes, radiasi, arsen, kromat, nikel, klorometil eter, gas mustard lan pancaran oven arang.[1]
Miturut para peneliti Jerman, asu pelacak bisa digunakaké kanggo ndeteksi kanker paru-paru.[2] Para ilmuwan iki nulis bab iki ing European Respiratory Journal. [2]Saka panemuan iki nuduhaké yèn kirik kang wis dilatih bisa ndeteksi tumor nganti 71 persen pasien.[2]
[sunting] Cathetan suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.