Kali Yuga

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Aum.svg
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Aksara Suci Hindu

Wonten ing ajaran agama Hindu, Kaliyuga (Sansekerta: कलीयुग) (dipunsebut ugi "jaman kanisthan") inggih punika salah satunggal saking sekawan jaman minangka siklus Yuga. Jaman sanésipun Kali Yuga inggih punika Dwapara yuga, Treta yuga, kaliyan Satya yuga[1]. Miturut Surya Siddhanta (kitab ilmu astronomis ingkang dados dhasar petunging kalender Hindu kaliyan Buddha), Kaliyuga dipunwiwiti wonten ing tengah wengi jam 00.00, nalika tanggal 18 Pebruari 3102 SM miturut petungan kalender Julian, utawi tanggal 23 Januari 3102 SM miturut petung saka kalender Gregorian. Kali Yuga kalakon dangunipun antawis 432.000 taun. Nalika jaman Kali yuga, tingkat moralitas ingkang taksih wonten kantun seprapat saking ingkang wonten ing jaman Satya yuga, saéngga "Lembu Dharma" naming jumenenng kaliyan setunggal suku.[2][3]

Langkung kathah umat Hindu yakin sakmenika inggih masa jaman Kali yuga, éwadéné wonten ingkang ngendika bilih sakmenika taksih jaman Dwapara Yuga. Miturut Sri Yukteswar,[4] wiwit taun 1699 Masehi, bumi sampun mlebet malih ing jaman Dwaparayuga. Ananging, menawi dipunpirsani saking kahanannipun, déning umat Hindu, jaman sakmenika langkung nedahaken tandha-tandha jaman Kali yuga. Wiwit taun 3102 SM dumugi sakmenika, jaman Kali yuga tembé lumampah kirang langkung 5000 taun.[5]

Pelafalan tembung Kalibenten kaliyan tembung Kālī. tembung kali wonten ing Kali yuga boten sami kaliyan Dewi Kālī. Wonten ing tembung Kali yuga, kali ateges manifestasi negatif saking Wisnu ingkang nindakaken kanisthan wonten ing donya, saha minangka panyebab karisakan.[6] déné tembung kālī wonten ing Dewi Kali ateges cemeng, wekdal, pejah,(bentuk feminin saking tembung Kāla).

Tandha-tandha jaman Kali yuga[sunting | sunting sumber]

Wonten ing kitab Wisnupurana katuturaken:

   
Kali Yuga
Nalika masa Kali yuga, wonten kathah aturan ingkang sami saingan setunggal kaliyan sanésipun. Sedaya boten badhé gadhah tabiat. Tumindak nistha sampun dados pakaryan saben dintenipun. Kasucén saha tabiat ingkang saé dangu-dangu badhé ical....Raos greget saha nepsu dados kasenengan antawis pira saha wanodya. Wanodya badhé dados objek ingkang ngiket nepsu. Kanisthan dados bahan pados nafkah. Tiyang-tiyang pinter katingal lucu. Naming tiyang sugih ingkang badhé kumawasa.
   
Kali Yuga

Nalika jaman Kali yuga, kathah éwah-éwahan ingkang boten dipunremenaken ingkang kadadéan. Asta kiring badhé dados asta tengen, asta tengen dados asta kiring. Tiyang ingkang kirang ngélmi badhé dados tuladha. ingkang sepuh kirang tanggap dhumateng ingkang eném, saha ingkang eném sampun wantun nglawan dhumateng tiyang sepuh.[7]


Nalika jaman Kali Yuga, tiyang-tiyang ingkang tumindak nistha samsaya kathah, kabecikan sampun kirang saha mandheg.[8]

Nalika jaman Kali Yuga, ingkang meteng ing yuswa eném sampun dados samubarang ingkang biasa. Panyebab utamanipun saking dampak sosial kahanan ing bebrayan ingkang dados salah satunggaling kabetahan ingkang utama ing pagesangan.[8]

Nalika jaman kasebut, umat manungsa dados alit, raganipun lemah, sarta méntal rohaninipun kirang . Yuswanipun manungsa rata-rata kirang saking 100 taun.[8]

Nalika jaman Kali Yuga, para guru badheé dipunlawan déning para muridipun. Dangu-dangu para siswa kélangan raos hormat. Piwulang sampun boten dipunregi, saha sedayanipun dipunkontrol déning nepsu.[8]

Samsaya kathah tiyang-tiyang ingfkang tumindak dosa, keadilan dados risak, saha murka Tuhan badhé dipunraosaken. Tiyang-tiyang ingkang dosa kaukum kanthi prastawa ingkang dipunkersakaken Tuhan, ananging tiyang-tiyang ingkang taksih gesang saha ningali taksih gadhah wekdal kanggé tobat.[9] Nalika tetuwuhan sampun mandheg anggnéipun ngembang, saha tetuwuhan buah sampun boten ngasilaken buah, nalika iku masa-masa ingkang nedahaken jaman Kali yuga badhé pungkasan.[10]


Delengen Uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id)[1](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  2. ^ The Mahabharata, Book 3: Vana Parva: Markandeya-Samasya Parva: Section CLXXXIX
  3. ^ Bhāgavata Purāṇa 1.16.20
  4. ^ The Holy Science, by Jnanavatar Swami Sri Yukteswar Giri, Yogoda Sat-Sanga Society of India, 1949
  5. ^ (en)[2](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  6. ^ CHAP. VII
  7. ^ (en)[3](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  8. ^ a b c d (en)[4](dipunundhuh tanggal 12 November 2012)
  9. ^ (id) Dharam Vir Singh (Alih Basa Dening I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN: 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  10. ^ (id) I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN: 979-571-020 6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.

C

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kali_Yuga&oldid=834616"