Kali Kongo
| Kali Kongo | |
|---|---|
| Kali Kongo cedhak Maluku | |
| Muara | Samudra Atlantik |
| Negara-negara Dhaérah Ilèn | Republik Demokratik Kongo, Republik Afrika Tengah, Republik Kongo, Angola Zambia, Tanzania |
| Dawa | 4,700 km (2,922 mi) |
| Rata-rata ili banyu | 41,800 m³/s (1,476,376 ft³/s) |
| Tlatah Ilèn | 3,680,000 km² (1,420,848 mi²) |
Kali Kongo (kapungkur disebut Kali Zaire) kuwi kali kang paling gedhé ing Afrika kulon-tengah. Dawané watara 4,700 km (2,922 mil) ndadèkaké kali iki nomer loro paling gedhé ing Afrika (sawisé Kali Nil). Kali lan anak-anak kali mili ngliwati alas udan kang jembaré nomer loro ing donya,[1] (nomr siji yakuwi alas udan Amazon ing Amérika Kidul). Kali iki uga dadi nomer loro ing donya babagan cacahing (volume) ilèn, sawisé kali Amazon, lan nomer loro uga ing babagan jembaré dhaérah ilén sawisé Amazon; dhaérah ilèné luwih jembar sethithik tinimbang Kali Mississippi. Amarga akèh pérangan kali iki kang dumunung ing dhaérah cedhak garis katulistiwa, ilèné dadi stabil, sebab paling sithik salah siji anak kaliné ana ing mangsa udan.[2] Kali Kongo éntuk jeneng saka karajaan kuna, Karajaan Kongo kang manggon ing tlatah muara kali iki. Negara Republik Demokrasi Kongo lan Republik Kongo, kaloroné dumunung ana ing pinggir kali Kongo, lan dijenengaké miturut jenengé kali iki. Antara taun 1971 lan 1997 pamaréntah Zaire njenengaké Kali Zaire.
Bab lan Paragraf |
Anak kali [sunting]
Anak kali diurut saka muara mendhuwur.
Literatur [sunting]
Senajan ora dikutip sacara terang-terangan, Kali Kongo minangka lokasi saka novel Joseph Conrad's "Heart of Darkness" (terbit taun: 1902).
Delengen uga [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ The Rainforest Foundation (2006-06-21). "A fresh step towards the first indigenous rights law in Republic of Congo". http://www.rainforestfoundationuk.org/s-News?fcpage=News&offset=6.
- ^ http://rainforests.mongabay.com/congo/congo_river.html
Wacan terusan [sunting]
- Tim Butcher: Blood River - A Journey To Africa's Broken Heart, 2007. ISBN 0-7011-7981-3
- H. Winternitz, East Along the Equator: A Journey up the Congo and into Zaire (1987)