Kabhi Khushi Kabhi Gham
| Kabhi Khushi Kabhie Gham | |
|---|---|
| Sutradara | Karan Johar |
| Produser | Yash Johar |
| Paraga | Amitabh Bachchan Jaya Bachchan Shahrukh Khan Kajol Devgan Hrithik Roshan Kareena Kapoor |
| Musik déning | Jatin-Lalit Sandesh Shandilya Aadesh Shrivastav |
| Sinematografi | Kiran Deohans |
| Panyunting | Sanjay Sankla |
| Distributor | Dharma Productions |
| Tanggal rilis | December 14, 2001 |
| Durasi | 211 mins |
| Negara | India |
| Basa | Hindi English |
| Anggaran | Cithakan:INRConvert[1] |
| Bathi reged | Cithakan:INRConvert[2] |
Kabhi Khushi Kabhie Gham (Kala-kala seneng, Kala-kala nelangsa) yaiku film Bollywood sing diparagani dening Amitabh Bachchan, Jaya Bachchan, Shahrukh Khan, Kajol, Hrithik Roshan, Kareena Kapoor lan Rani Mukerji digawé ing taun 2001. Film iki disutradarani Karan Johar sing uga nyutradarani film Kuch Kuch Hota Hai
Film iki salah sawijining film India sing paling laris jroning jagad perfileman internasional ing tahun 2006. Film Kabhi Khushi Kabhie Gham mapan ing peringkat 3 box office film Inggris namung rong minggu sakwise dirilis, lan bisa tahan nganti 3 minggu lawase. Nang Amerika Serikat mapan ing peringkat 32 box office film Amerika, sakwise dirilis 4 Januari 2002. Film iki uga film Bollywood sepisanan sing dirilis nang bioskop Jerman nganggo subtitle Jerman.
[sunting] Sinopsis
Jroning film iki Rahul Raichand (Shahrukh Khan) minangka putra tiri sing dipupu déning bapak lan ibuné, déné Karan (Hritik Roshan) iku anak kandhung, nanging kabèh padha silih asih. Ing sawijining dina Rahul ketemu karo Anjali Sharma (Kajol) Rahul kepéncut marang Anjali, nanging nalika matur ibuné nyatané bapaké wis njodhokaké Rahul karo Nisa (Rani Mukherjee). Ibuné dadi éwuh pekéwuh. Sawijining dina Rahul ngaku marang bapaké yèn dhèwèké tresna marang Anjali, nanging bapaké ora setuju amarga Anjali ora pantes dadi mantuné sebab status lan derajad sing béda, nanging Rahul meneng-meneng rabi karo Anjali. Bapaké nesu banget.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Kabhi Khushi Kabhie Gham. URL diaksès tanggal 26 December 2010
- ↑ Top Lifetime Grossers Worldwide. Boxofficeindia.com. URL diaksès tanggal 26 December 2010