Karan Johar
| Karan Johar | |
|---|---|
Karan Johar in London during the promotional UK tour for My Name Is Khan |
|
| Lair | 25 Mei 1972 (umur 40) Mumbai, Maharastra, India |
Karan Johar (करण जौहर 25 Mei 1972 (umur 40)) yaiku aktor, direktor film, lan produser film saka India. Dheweké nduweni anak loro yakuwi Hiroo Johar lan Yash Johar.[1] Dheweké lair ing Mumbai, Maharashtra, India.[1] Dheweke yaiku anak saka pasangan Hiroo Johar lan Yash Johar. [1] Dheweké kuwi salah sijiné sutradara sukses ing Bollywood. [1] Dheweké nempuh pendhidhikan ing Greenlawns High School lan H.R. College of Commerce lan Economics ing Mumbai. [1]
Bab lan Paragraf |
Karir [sunting]
Rumah produksi kanthi aran Dharma Production yakuwi perusahaan duweké Johar kang biyené duweké bapaké.[1] Awit cilik, dheweké akeh sinau karo aktor India, kayata Raj Kapoor, Yash Chopra, lan Sooraj R. Barjatya, lan anggawe para bintang mau dadi inspirasiné. [1]
Johar miwiti industri perfilmane kanthi dadi aktor kang meranaké kanca cedhak Shahrukh Khan ing film kang judulé Dilwale Dulhania Le Javenge taun 1995. [1] Ora mung dadi aktor, nalika dheweké gawe film, dheweké direwangi karo sutradara, Aditya Chopra. [1]
Dheweké ngluncuraké film garapan kaping pisanané nalika taun 1998 kang judulé Kuch Kuch Hota Hai. [1] Film kasebut menangaké bebungah ing Filmfare Award 1998, dadi Best Movie lan Best Director. [1]
Sasi November 2009, Johar wis ngerampungaké film kang judulé My Name Is Khan, film kang dibintangi dening Shahrukh Khan lan Kajol Devgan. [1] Film kasebut dirilis tanggal 12 Februari 2010 lan diputer pisanan ing Abu Dhabi lan Berlin.[1]
Ing televisi, dheweké dadi presenter acara judulé Koffee with Karan. [1] Taun 2010, dheweké uga nggarap acara televisi kang judulé Lift Kara De. [1]
Taun 2007, Johar kapilih dadi salah sijiné 250 Global Young Leaders dening Geneva. [1] Sadhurungé, ing tanggal 30 September 2006, dheweké dadi sutradara India kaping pisanan kang dadi juri ing ajang Miss World ing Warsaw, Polandia.[1]
Taun 2011, dheweké nggarap film kang judulé SHORT TERM SHAADI.[2] Film iki bakal dirilis nalika perayaan Valentin taun 2012.[2] Film iki dijupuk ing Las Vegas lan ning Mumbai.[2]
Filmography [sunting]
Minangka Aktor [sunting]
- 1995 Dilwale Dulhania Le Jayenge
- 2004 Main Hoon Na
- 2008 Fashion
- 2009 Luck by Chance
Minangka Sutradara [sunting]
- 1998 Kuch Kuch Hota Hai
- 2001 Kabhi Khushi Kabhie Gham
- 2006 Kabhi Alvida Naa Kehna
- 2010 My Name is Khan
Minangka Produser [sunting]
- 1998 Duplicate
- 2003 Kal Ho Naa Ho
- 2010 I Hate Luv Storys
Bebungah[1] [sunting]
Filmfare Award [sunting]
- 1999 Best Director and Best Screenplay - Kuch Kuch Hota Hai
- 2002 Best Dialogue - Kabhi Khushi Kabhie Gham
IIFA Award [sunting]
- 2001 Best Costume Designer - Mohabbatein
- 2002 Best Dialogue - Kabhi Khushi Kabhie Gham
Star Screen Awards [sunting]
- 1999 Best Director - Kuch Kuch Hota Hai
- 2004 Best Screenplay - Kal Ho Naa Ho