Jaya Bachchan
| Jaya Bachchan | |
|---|---|
| Lair | 09 April 1948 (umur 65) Jabalpur, Madhya Pradesh, India |
| Pakaryan | Actress, Politician |
| Garwa | Amitabh Bachchan (1973–present) |
| Putra/putri | Abhishek Bachchan Shweta Nanda |
Jaya Bachchan (Bengali: জয়া ভাদুড়ী বচ্চন, Hindi: जया बच्चन; born Jaya Bhaduri lair tanggal 09 April 1948 (umur 65)) yakuwi artis lan pulitisi saka India.[1] Dheweké kuwi alumni saka Institusi Film lan Televisi India, Pune.[1] Bachchan urip bebrayanan karo Amitabh Bachchan.[1] Anduweni anak kang dijenengi Abhishek Bachchan kang uga dadi aktor.[1]
Sawisé tampil dadi aktris cilik ning film kang judulé Mahanagar ning taun 1963, dheweké miwiti perané dadi dewasa ning Guddi ning taun 1971, film kang disutradarai dening Hrishikesh Mukherjee.[1] Dheweké uga mainaké peran ning film-film India, kayata Jawani Diwani (1972), Koshih, Anamika, Priva Ka Ghar lan Bawarchi.[1] Dheweké uga mainaké peran bebarengan karo garwané Amitabh Bachchan ning film-film [[India, kayata Zanjeer (1973), Abhimaan (1973), Chupke Chupke (1975), lan Sholay (1975).[1]
Sasuwené njegur ning donya hiburan, dheweké olih 3 bebungah Filmfare Best Actress Award, 3 Filmfare Best Supporting Actress Award, lan uga bebungah Filmfare Lifetime.[1] Bachchan lair saka kaluwarga Bengali, pasangan Indira lan Taroon Kumar Bhaduri, penulis lan wartawan.[1] Dheweké sekolah ning St.Joseph’s Convent School, Bhopal.[1] Lulus saka kono, dheweké nerusaké sekolah film and Television Institute of India, Pune.[1]
Bab lan Paragraf |
KARIR [sunting]
Dheweké mainaké peran kang kaping pisanan yakuwi nalika dheweké mainaké peran pembantu ning film Mahanagar ning umur 15 taun bebarengan karo Anil Chatterjee lan Madhabi Mukherjee.[1] Dheweké akiré mutusaké kanggo nggabung ning Film and television Institute of India (FTII), pune, kanggo nyinauni seni peran lan lulus karo medali emas.[1] Dheweké uga olih peran ning film Guddi nalika taun 1971 dadi anak sekolahan.[1]
Dheweké nuli mainaké peran karo Amitabh Bachchan ning film Bansi Birju nalika taun 1972.[1] Tanggal 03 Juni 1973, dheweké nikah karo Amithab Bachchan, anduweni anak lanang kang dijenengi Abhichek Bachchan lan anak wadon kang dijenengi Shweta Bachchan, kabehané uga dadi aktor.[1]
Ning taun, dheweké olih bebungah ning Inggris.[2] Dheweké olih bebungah amarga kontribusiné kang gedhe ning donya film kang wis dilakoni dening dheweké nganti telung dekade.[2] Bebungah kuwi ditarima nalika Festival Film Tongues on Fire ning Hotel Sheraton, Piccadilly, London.[2]
KARIR POLITIK[1] [sunting]
Bachchan kapilih dadi “Samajwadi Party Member of Parliament” nalika taun 2010.
FILMOGRAFI[1] [sunting]
- 1963 : Mahanagar
- 1971 : Guddi, Dhanni Meye, Uphaar
- 1972 : Jawani Diwani, Bawarchi, Parichay, Bansi Birju, Piya Ka Ghar, Annadata, Ek Nazar, Samadhi, Koshish, Shor, Jai Jawan Jai Makan
- 1973 : Gaai Aur Gori, Anamika, Phagun, Zanjeer, Abhimaan
- 1974 : Aahat, Dil Diwana, Kora Kagaz, Naya Din Nai Raat, Doosri Sita
- 1975 : Mili, Chupke Chupke, Sholay
- 1977 : Abhi To Jee Lein
- 1978 : Ek Baap Chhe Bete
- 1979 : Nauker
- 1981 : Silsila
- 1998 : Hazaar Chaurasi Ki Maa
- 2000 : Fiza
- 2001 : Kabhi Khushi Kabhie Gham.
- 2002 : Koi Mere Dil Se Poochhe
- 2003 : Kal Ho Naa Ho
- 2007 : Laaga Chunari Mein Daag
- 2008 : Lovesongs Drona
- 2010 : Aap Ke Liye Hum