John Wesley
John Wesley (lair ing Epworth, 28 Juni 1703 – tilar donya 2 Maret 1791 kanthi yuswa 87 taun) inggih menika salah satunggalipun teolog Inggris.[1] John menika putranipun pendeta saking gereja Anglikan.[1] Ramanipun asmanipun Samuel Wesley lan ibunipun Susanna Annesley.[1] John ugi nggadhahi rayi ingkang miyos ing taun 1707 (Charles Wesley).[1] Panjenenganipun misuwur minangka pangadhegipun Gereja Metodis.[1]
[sunting] Biografi
John Wesley gesang ing tengah-tengahipun masyarakat Inggris ingkang taksih kapérang dados kelas-kelas sosial, inggih menika kelas bangsawan, kelas manengah, lan kelas ngandhap.[1] Nalika semanten wonten kasenjangan sosial ing antawisipun kelas ngandhap kaliyan kelas manengah manginggil.[1] Kasenjangan sosial menika dipunpengaruhi déning sistem ékonomi indhustri asil Revolusi Indhustri.[1] Wesley mirsani wonten katimpangan ing antawisipun kelas tiyang sugih lan tiyang ingkang mlarat.[1] Kelompok tiyang ingkang gadhah kakuaosan tansah nyugihaken pribadinipun piyambak, sanajan kathah kawula ngandhap ingkang kangelihen lan penyakiten.[1]
Nalika taun 1714 John mlebet sekolah Chartehouse ing London.[2] Panjenenganipun sinau ing sekolah kasebat ngantos dumugi taun 1720 lan lajeng pindhah dhateng universitas Oxford.[2] Taun 1724, panjenenganipun pikantuk gelar sarjana enèm lan pikantuk jabatan diaken ing taun 1725.[2] Salajengipun ing taun 1726, panjenenganipun dados asistén dhosén ing Lincoln College, Oxford kanthi nglajengaken gelar sarjananipun.[2] Nalika taun 1727, panjenenganipun pikantuk gelar sarjana, lan lajeng dipundadosaken imam pambiyantu ramanipun ing.[2] Ing taun 1735, Wesley tindak dhateng Georgia saperlu mbiwaraken Injil.[2] Ananging panjenenganipun boten kasil ngawontenaken panginjilan ing Georgia.[2]
Wekdal Wesley wangsul malih dhateng Inggris ing taun 1738, panjenenganipun dados sadhar dhateng kabetahan spiritualipun.[2] Panjenenganipun wiwit sadhar bilih sampun dipun ditimbali amrih mawartosaken Injil dhateng sedaya bangsa Inggris.[2] Wonten ing misi menika, panjenenganipun kasil anggenipun narik kawigatén tiyang kathah, mliginipun tiyang buruh, kanggé pitados dhateng Injil,[2]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.