Jamur kuping putih
| Jamur kuping pethak | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| divisio: | Basidiomycota |
| Subdivisio: | Hymenomycotina |
| kelas: | Heterobasidiomycetes |
| ordo: | Tremellales |
| kulawarga: | Tremellaceae |
| Genus: | Tremella |
| Species: | T. fuciformis |
| Jeneng binomial | |
| Tremella fuciformis Berkeley |
|
Jamur kuping pethak utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping putih ingkang nggadhahi nami Latin Tremella fuciformis menika salah setunggaling spesies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi).[1] Jamur kuping pethak nggadhahi badan ingkang wangunipun kados rumbai-rumbai ingkang mboten aturan.[1] Jamur kuping pethak nggadhahi werni pethak saha bening utawi transparan kados ager-ager.[1]
Wonten ing basa Tionghoa, jamur kuping pethak misuwur kanthi nami pinyin: yin er, "kuping pérak" utawi (pinyin: bai mu er, "kuping wit putih").[1]
Jamur kuping pethak tuwuh wonten ing kayu ingkang sampun lapuk saking wit-witan ingkang ronipun wiyar.[1] Jamur kuping pethak wonten ingkang dipunmasak nalika taksih seger, wonten ugi ingkang dipunmasak kanthi dipungaringaken rumiyin.[1] Jamur kuping pethak ingkang dipungaringaken menika wangunipun lajeng mengkeret.[1] Menawi badhé masak jamur kuping pethak ingkang garing menika kedah dipunkum rumiyin wonten toya.[1] Jamur kuping pethak langkung kathah dipunsadé kanthi wangun garing.[1]
Jamur kuping menika asring dipunginakaken kanggé dhaharan panutup.[1] Jamur kuping pethak mboten nggadhahi raos menapa-menapa.[1] Jamur kuping pethak nggadhahi tèkstur ingkang kenyal kados jelly nalika dipudhahar.[1] Jamur kuping pethak menika migunani tumprap kaséhatan manungsa.[1]
Kejawi dipunmasak, jamur kuping pethak ugi saged dipundamel ès.[2] Ès menika dipunwastani ès jamur kuping pethak.[2]