Iwak Dokun
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 71 dinten 99 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Dokun | |
|---|---|
| Ikan dokun, , dari Bayung Lencir, Musi Banyuasin, Sumatera Selatan |
|
| Status konsèrvasi | |
|
Secure
|
|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Cypriniformes |
| kulawarga: | Cyprinidae |
| Genus: | Puntius |
| Species: | P. lateristriga |
| Jeneng binomial | |
| Puntius lateristriga (Valenciennes, 1842) |
|
Ulam dokun utawi kapiu, ugi kawéntar kanthi nama wader utawi seluang menika jinising ulam alit saking anggota suku Cyprinidae. Ulam dokun menika nyebar wonten ing wilayah paparan Sunda [1]. Ulam menika wiwitanipun dipundamel dèskripsi minangka Barbus lateristriga dening Achille Valenciennes nalika taun 1842. Lajeng déning para ahli dipunpindhah dados Barbodes lateristriga utawi Systomus lateristriga. Dipuntepangi minangka ulam hias ingkang asring dipunpiara wonten ing akuarium. Ulam dokun menawi wonten ing Basa Inggris dipunwastani kanthi sebutan Spanner barb utawi t-barb.
Bab lan Paragraf |
Morfologi [sunting]
Ulam ingkang ukuran awakipun alit dumugi sedhengan dawanipun awak saged dumugi 20 cm [2]. Jinis menika titikanipun wonten kalih pita peteng vertikal ing tengah awak bagéyan ngajeng. Ugi wonten garis dawa horisontal ing bagéyan wingking. Ing sanginggiling pangkal sirip dubur wonten bercak alit warni ireng, ugi wonten ing ujung sirip dubur [3]. Pola menika gadhah variasi gumantung wilayah sebaran lan umur ulam dokun.
jari-jari ing sirip punggung (dorsal) 8, ing sirip anal 5, sirip weteng (ventral) 8, lan ing sirip dada (pectoral) wonten 14-16. Sisik-sisik ing ngajenging sirip sorsal ( predorsal scales ) 7-8, sisik-sisik inh gurat sisi ( linea lateralis ) 22-24, sisik-sisik ingkang mubengi batang buntut ( peduncle / circumpeduncular scales ) 12 [3].
Habitat lan Panyebaran [sunting]
Ing alam, ulam dokun menika mapan wonten ing lèpèn-lèpèn alit, mliginipun lèpèn ingkang toyanipun bening lan kathha watuan ing dhasaring lèpèn. Kejawi menika ulam menika ugi asring dipunpanggihaken wonten ing ngandhaping jeram. Ulam dokun menika mangsanipun serangga banyu, cacing, crustacea (urang lan ketam ), saha bagéyan-bagéyan tuwuhan [4][2].
Panyebaran ulam dokun menika wiyar wonten ing Jawa, Sumatra, lan pulo-pulo sekitaripun (Singkep, Bangka, Belitung), Semenanjung Malaya, Kalimantan ugi wonten ung Thailand [3] Juga terdapat di Kalimantan.[4].
Pemanfaatan [sunting]
Ulam dokun menika satunggaling ulam akuarium ingkang dipunsadé kanthi cara komèrsial antar negara. Kanthi cara tradisional ing Indonesia, ulam menika kawéntar dados ulam konsumsi amargi raosipun ingkang écho ( dados wader utawi seluang ).
Cathetan suku [sunting]
- ^ Kottelat, M., A.J. Whitten, S.N. Kartikasari, dan S. Wirjoatmodjo. 1993. Ikan Air Tawar Indonesia bagian Barat dan Sulawesi. Periplus dan Proyek EMDI KMNKLH. Jakarta. ISBN 0-945971-60-5. p.59.
- ^ a b Sastrapradja, S., A. Budiman, M. Djajasasmita, dan C.S. Kaswadji. 1981. Ikan Hias. LBN - LIPI. Bogor. p.28-29.
- ^ a b c Haryono (2001). "Variasi Morfologi dan Morfometri Ikan Dokun (Puntius lateristriga) di Sumatera" (PDF). Biota VI (3): 109-116. http://www2.uajy.ac.id/biota/lengkap/2001-3-4.pdf.
- ^ a b Puntius lateristriga pada laman FishBase