Intèlijen
Intèlijen (basa Inggris: intelligence) iku informasi sing diregani amarga katepatan wektu lan relevansiné, dudu detil lan kaakuratané, béda karo "data", sing arupa informasi sing akurat, utawa "fakta" sing arupa informasi sing wis diverifikasi. Intèlijen kadhangkala disebut "data aktif" utawa "intèlijen aktif", informasi iki biasané ngenani rencana, kaputusan, lan kagiatan sawiji pihak, sing wigati kanggo ditindak-lanjuti utawa dianggep aji saka sisi organisasi pangumpul intèlijen. Jroning dinas intèlijen lan dinas kagandhèng liyané, intèlijen minangka data aktif, ditambah proses lan asil saka pangumpulan lan analisa data kasebut, sing kabentuk déning jaringan sing kohèsif.
Tembung intèlijen uga kerep dianggo nyebut pelaku pangumpul informasi iki, miangka sawijining dinas intèlijen utawa agèn.
Badan intelijen [sunting]
Umumé saben negara ndarbèni badan-badan utawa lembaga intèlijen, sing madeg dhéwé utawa ana ing sangisoré badan liya. Ana badan intelijen sing diweruhi publik utawa sipaté sesidheman (rahasia).
Sawetara badan Intèlijen sing dikenal ing donya antara liya :
- CIA (
Amérika Sarékat) - KGB (
Uni Soviet) - FSB (
Rusia) - MI5 (
Britania Raya) - MI6 (
Britania Raya) - Mossad (
Israel) - BIN (
Indonesia) - STASI (Jerman Wétan)
- ASIO (
Australia) - ASIS (
Australia) - DIE (
Rumania)
Wacan terusan [sunting]
- Maulani, Z.A. Letjen (Purn), Dasar-dasar Intelijen (Bagian 1), 28 Februari 2006
- Maulani, Z.A. Letjen (Purn), Dasar-dasar Intelijen (Bagian 2-Selesai), 28 Februari 2006
- Intelijen: Empat Konfigurasi Intel
- ISRIA, PDF, Peran Sumber Terbuka dalam Intelijen, 31 December 2005.