Gurita
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng 31 Mei 2011 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 1074 menit kapungkur. |
| Gurita | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Moluska |
| kelas: | Cephalopoda |
| Subkelas: | Coleoidea |
| Superorder: | Octopodiformes |
| ordo: | Octopoda Leach, 1818 |
| Familia | |
|
14 dalam dua subordo, lihat teks. |
|
Gurita yaiki kewan moluska saka kelas Cephalopoda (sikil kewan ana ing endas), ordo Octopoda, habitate yaiku ing terumbu karang ing samodra.[1] Gurita kuwi ana 289 spesies (sepertelon saka total spesies kelas Cephalopoda).[1] Gurita ing basa Inggris jenenge Octopus (Yunani: Ὀκτάπους,sikil wolu).[1]
Bab lan Paragraf |
Bentuk Fisik [sunting]
Gurita nduweni lengen 8 (ora tentakel) karo alat nyedot sing arupa bunder-bunder nyengkuwung sing ana ing lengen sing digunakaké kanggo obah ing dasar laut lan nangkep mangsa.[2] Lengen gurita kuwi struktur hidrostat muskuler sing meh kabeh saka lapisan otot ora tulangé.[1] Ora kaya kewan Cephalopoda liyané, akeh-akeh gurita saka subordo Incirrata nduweni awak saka otot lan ora duwe tulang njero. Gurita ora nduweni cangkang sing bisa nglindungi kaya dene Nautilus lan ora nduweni cangkang njero utawa tulang kayata sotong lan cumi-cumi.[2] Bagian sing atos saka gurita yaiku paruh sing digunakake gawe rahang kanggo mateni mangsa lan nyokot dadi cilik-cilik.[2] Awake sing fleksibel banget nggawé gurita bisa nyelipaké awak ing celah watu-watu sing sempit ing dasar laut, khususé nalika mlayu saka iwak pemangsa kaya welut laut Moray.[2] Gurita sing kurang dikenal wong yaiku saka subordo Cirrata sing nduweni sirip loro lan cangkang njero banjur kemampuan nyelip ing ruangan sempit kurang.[2] Gurita nduweni umur sing relatif singkat lan ana uga spesies sing mung urip nem wulan. Spesies sing luwih gedhe kayata Gurita raksasa Pasifik Utara sing bobote tekan 40 kilogram bisa yrip tekan limang taun ing kondisi lingkungan sing sesuai.[2]
Kecerdasan [sunting]
Gurita kuwi kewan sing paling cerdas dibandingaké invertebrata liyane. Kecerdasan gurita asring gawe debat para ahli biologi.Hasil panyobaan nggolek dalan ing njero maze lan mecahaké masalah nunjukake yen gurita nduweni daya ingat ingkang suwe lan sedhela.[3] [4] Nanging urip gurita sing sedhela nggawe ilmu kang disinaoni saka gurita ora bisa akeh.[3] Gurita nduweni sistem saraf sing kompleks. Rong pertelon saka sel saraf ana ing tali saraf sing ana ing wolung lengen gurita, lengen gurita bisa obah-obah refleks kang rumit.[5]
Manfaat [sunting]
Gurita asring ditangkap kanggo nggawé pakanan, diingu ing aquarium dadi spesimen sing didelok-deloke utawa gawe kewan ingon.[6]
Klasifikasi [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |
- KELAS CEPHALOPODA
- Subkelas Nautiloidea: nautilus
- Subkelas Coleoidea
- Superordo Decapodiformes: squid, cuttlefish
- Superordo Octopodiformes
- Ordo Vampyromorphida: Vampire Squid
- Ordo Octopoda
- Subordo Cirrata: finned deep-sea octopus
- Familia Opisthoteuthidae: umbrella octopus
- Familia Cirroteuthidae
- Familia Stauroteuthidae
- Subordo Incirrata
- Familia Amphitretidae: telescope octopus
- Familia Bolitaenidae: gelatinous octopus
- Familia Octopodidae: benthic octopus
- Familia Vitreledonellidae: Glass Octopus
- Superfamilia Argonautoida
- Familia Alloposidae: Seven-arm Octopus
- Familia Argonautidae: argonauts
- Familia Ocythoidae: Tuberculate Pelagic Octopus
- Familia Tremoctopodidae: blanket octopus
- Subordo Cirrata: finned deep-sea octopus
Referensi [sunting]
- ^ a b c d (id)Tempo Online
- ^ a b c d e f Ardinovic
- ^ a b Is the octopus really the invertebrate intellect of the sea? By Doug Stewart. dalam: National Wildlife. Feb/Mar 1997, vol.35 no.2.
- ^ Giant Octopus—Mighty but Secretive Denizen of the Deep
- ^ Giant Octopus—Mighty but Secretive Denizen of the Deep
- ^ Kompasiana
Pranala njaba [sunting]
- (id) Pusat informasi pelabuhan perikanan Gurita
- (id) Lengan gurita membentuk sendi seperti manusia
- (en) Majalah berita tentang gurita
- (en) CephBase: Octopoda
- (en) Klasifikasi cephalopoda
- (en) Video gurita memakan ikan hiu (format Quicktime)
- (en) Giant Pacific Octopus Gurita raksasa Samudera Pasifik
- (en) Gurita sedang melakukan kamuflase
- (en) Gurita berjalan dengan dua kaki: video dan laporan penelitian
- (en) Why Cephalopods Change Color