Garpu tala
Garpu tala yaiku piranti kang wujudé memper kaya garpu ananging nduwèni bagéyan kang kaya untu cacahé mung 2 . [1]Garpu tala ndhuwèni wangun kaya huruf "Y" kanggo munculakée getaran utawa gelombang swara,[1] lan garpu tala nduwèni résonansi.[1] Ing frekuènsi tinamtu. Nalika dithuthuké ing sawijiné barang garpu tala bakal nduwéni résonansi.[1] Garpu tala nduwéni getaran nalika ana ing salah sawijining frekuénsi.[1] Umpamané nadha a kanthi frekuénsi 440 Hertz.[1] Awit frekuènsi iki tetep, garpu tala biyasané digunaké kanggo nyocogaké (menala) piranti musik liyané.[1] Alat musik iki kayata gitar lan piano. [1]Garpu tala bisa melar (memuai) nalika panas lan nyusut nalika kahanan hawa lagi adhem.[1] Nalika lagi nyusut utawa memuai frekuénsi kang diasilaké bakal owah.[1] Garpu tala kang nduwèni kualitas apik ora gampang nyusut apadéné melar.[1] Kanthi iki frekuénsi kang diasilaké bakal tetep standar.[1]
Garpu tala ditemokaké nalika taun 1711. Garpu tala ditemokaké karo musisi Inggris kang jenengé John Shore.[2]
Garpu tala dianggo amarga garpu tala bisa nggawé nadha kang murni.[2] Nadha kang diasilaké nduwéni vibrasi kang luwih kuwat, nadha iki kang dadi frekuénsi dhasar. [2] Kanggo nggawé nadha-nadha ing keyboard uga nggunakaké garpu tala.[2] Kanthi nggunakaké garpu tala nadha kang diasilaké bisa pas.[2] Garpu tala dadi piranti kanggo ngukur nadha siji lan sijiné nalika nggawé keyboard.[2]
Cathetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.