Ganésa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ganesa
Lalbaughcha raja.jpg
Gelar sebagai Déwa kawruh, kacerdasan, kawicaksanan lan pelindhung saka bencana
Dewanagari: गणेश
Éjaan Sanskerta: gaṇeśa
Golongan: déwa
Mantra: ॐ गणेशाय नमः
(Oṃ Gaṇeśāya Namaḥ)
Gegaman: parashu (kapak), pasha (jerat), angkus (kait)
Sisihan: Buddhi (kawicaksanan), Riddhi (kamakmuran), Siddhi (kaberhasilan)
Wahana: tikus

Ganesa (Sanskerta गणेश ; ganeṣa Swara rungokna) iku salah siji déwa misuwur jroning agama Hindhu lan akèh dipuja déning umat Hindhu, sing nduwé gelar minangka Déwa kawruh lan kacerdasan, Déwa pelindhung, Déwa penolak bala/bencana lan Déwa kawicaksanan. Lukisan lan reca né akèh tinemu ing sadhéngah papan ing India; klebu Nepal, Tibet lan Asia Kidul-wétan. Jroning relief, reca lan lukisan, Ganésa kerep digambaraké asirah gajah, lengen papat lan awak lemu. Ganésa dikenal uga kanthi jeneng Ganapati, Winayaka lan Pilleyar. Jroning tradhisi pewayangan, Ganésa disebut Bathara Gana, lan dianggep salah siji putra Bathara Guru (Siwa). Sawetara sékté jroning agama Hindhu muja tanpa peduli golongan. Pamujanmarang Ganesa nganti sumrambah menyang umat Jaina, Buddha, lan ing sajabané India.[1]

[sunting] Rujukan

  1. Martin-Dubost, hal. 311–320.

[sunting] Pranala jaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ganésa&oldid=677952"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès