Desmond Mpilo Tutu
Desmond Mpilo Tutu inggih menika salah satunggalipun téolog ingkang asalipun saking Afrika Kidul.[1] Panjenenganipun ugi kalebet aktivis ingkang misuwur ing taun 1980-an minangka salah satunggalipun panentang apartheid.[1] Tutu dipunpilih lan dipuntahbisaken dados uskup kulit cemeng ingkang sepisan ing Gereja Anglikan[1] Panjenenganipun dipuntahbisaken ing Kutha Cape Town.[1]
Prèsidhén Afrika Kidul, Nelson Mandela ugi nggadhahi pamanggih ingkang saé babagan Tutu.[2] Panjenenganipun ngendikan bilih Tutu inggih menika tiyang ingkang boten naté ajrih nywantenaken "sinten ingkang boten saged maringi swanten".[2]
Bab lan Paragraf |
Wiwitanipun[sunting]
Desmond Mpilo Tutu (miyos ing Klerksdorp, Transvaal nalika tanggal 7 Oktober 1931).[1] Ramanipun nyambur damel dados guru sekolah ananging ibunipun boten naté sekolah.[1] Tutu nglajengaken pendidikanipun dhateng sekolah inggil ingkang misuwur ingkang namanipun Johannesburg, ing taun 1945-1950.[1]
Konteks Apartheid[sunting]
Sasampunipun rezim apartheid mandhap ing taun 1994 lan dipungantos déning panguwaosipun Kongres Nasional Afrika utawi ANC (African National Congress), Tutu asring ngginakaken frasa Rainbow Nation(Bangsa Pelangi).[3] Panjenenganipun ngginakaken frasa menika minangka satunggalipun metafora kanggé nggambaraken ka-maneka warni-an ing Afrika Kidul.[3]
Sanajan apartheid resmi dipunicalaken ing taun 1990, swasana ing Afrika Kidul taksih dèrèng uwal saking masalah kamanungsan.[4] Miturut Tutu taksih wonten dosa lan ugi wiwih ingkang saged ngasilaken wontenipun panindhasan malih.[4] Panjenenganipun nggadhahi pamanggih bilih "Tiyang ingkang dipuntindhas saged dados panindhas amargi dosa saged damel kemungkinan menika dados wonten.[4]
Cathetan Suku[sunting]
- ^ a b c d e f g (en) Monthobi Mutloatse. 1983. Desmond Tutu: Hope and Suffering. Grand Rapids: William B. Eerdmans Publishing Company. 13, 17
- ^ a b "Fact Sheet: Archbishop Desmond Mpilo Tutu". Racism. No Way.. 19 January 2006. http://www.racismnoway.com.au/classroom/factsheets/42.html. Retrieved 15-04-2011.
- ^ a b (en) Johnny Benhard Hill. 2007. The theology of Martin Luther King Jr. and Desmond Mpilo Tutu. Palgrave Macmillan. 89, 90
- ^ a b c (en) Michael Battle. 1997. Reconciliation: The Ubuntu Theology of Desmond Tutu. Ohio: The Pilgrim Press.1, 3, 4, 5
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.