Demografi Namibia
Demografi Namibia yaiku kahanan masarakat negara Namibia ing bawana Afrika bageyan kidul.[1]
Watara 75% rakyat Namibia manggon ana ing padésan lan 25% manggon ing dhaerah urban utawa ing kutha.[1] Etnis kulit ireng ana 90% populasi lan wong kulit putih sekitar 7%.[1] Klompok masarakat kulit ireng Namibia kapérang dadi pirang-pirang klompok etnis. Populasi kang paling gedhé ya iku suku Ovambo.[1] Suku Ovambo duwèni persèntase ngancik separo populasi Namibia.[1] Wong-wong mau manggon ing bageyan lor, cedhak tapel wates karo Angola kang diarani Ovamboland utawa Ovambo.[2] Suku-suku kang manggon ing dhaérah lor liyané ya iku Kavango, kang manggon ana ing panggonan saubengé Kali Okavango.[2] Suku Caprivi manggon ing sisih wétan.[2] Déné suku Damara lan Herero manggon ing tlatah sisih tengah Namibia.[2] Suku Bushmen (San) lan Tswana manggon ing dhaérah tapel wates sisih wetan.[2] Rong klompok masarakat kang campuran diarani Suku Baster lan Suku Nama manggon ing sisih kidul.[2] Wong kulit putih Namibia yaiku wong saka Afrika Kidul ya iku ètnis keturunan Walanda, Inggris lan Jerman.[2]
Populasi [sunting]
- 2.108.665 (Juli, 2009)
- 2.088.669 (Juli, 2008)
- 1.927.447 (Juli, 2003)
- 1.771.327 (Juli, 2002)