Dasik
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Dasik (다식) yaiku jinis roti tradisional Korea kang digawe nganggo cetakan.[1] Roti iki biyasane ana ing acara-acara kusus kayata perayaan ulang tahun ke-60 (hwangap) utawa acara kawinan.[1] Saliyane kuwi roti iki uga ana ing upacara-upacara ritual marang arwah nenek moyang nalika riyaya Seollal lan Chuseok.[1][2]
Dasik digawe saka campuran adonan glepung kacang, wijen, chestnut, sirup lan madu.[1] Adonan dasik dicetak kanthi nggunakake cetakan berpola kanggo mbentuk pola-pola kang dianggep nglambangake kesehatan lan kemakmuran.[1]
Variasi [sunting]
- Songhwa dasik werna kuning yaiku dasik kang digawe saka campuran serbuk sari (pollen).[1]
- Heugimja dasik yaiku dasik warna ireng kang digawe saka biji wijen ireng.[1]
- Omija dasik yaiku dasik werna abang utawa njambon kang digawe saka bahan buah tanaman omija.[1]
- Seungumcho dasik yaiku dasik ijo kang digawe saka campuran bahan bubuk tanduran seungumcho (Angelica gigas).[1]
- Dasik putih yaiku dasik kang digawe saka pati kacang.[1]