Yakgwa
Yakgwa (약과) yaiku jinis roti tradisional kas Korea (hangwa) kang digawe saka glepung gandum, madu lan lenga wijen.[1][2] Roti iki biyasane disuguhake nalika perayaan acara-acara wigati ing masarakat Korea.[1] Sejarahe, roti iki wis digawe kawit jaman Dinasti Goryeo (935-1397) lan katulis ing dokumen-dokumen kuno.[1] Roti iki dianggep istimewa lan digunakake dening raja ing upacara persembahan ing kuil Buddha. Ing Cina, yakgwa dikenal kanthi aran Goryeobyeong (kue Goryeo).[1] Nalika kuwi yakgwa digawe kanthi bentuk manuk, karper utawa woh-wohan.[1] Ing mangsa Dinasti Joseon (1397-1910), roti iki digawe kanthi bentuk krisan kang luwih prasaja kanggo ancas ritual persembahan.[1] Ing jaman mau, yakgwa kang digawe saka bahan-bahan kayata gandum, madu lan lenga wijen, dianggep mewah dening rakyat mula ing swijining wektu nalika rega barang mundhak lan nyebabake rakyat dadi kaliren, roti iki ora olih digawe maneh.[1]
Proses gawe [sunting]
Glepung gandum digawe dadi adonan lan dicampurake karo arak kang duweni kualitas apik, dicetak, lan digoreng nganti mateng. Sawise kuwi roti dicelupake ing madu kang wis dicampuri sari jahe, bubuk kayu manis lan mrica ireng.[1] Kanggo nambahi rerenggan, lumahing roti dilapisi kacang cemara.[1]