Daniel Radcliffe

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Daniel Radcliffe
Daniel Radcliffe.jpg
Asma wiyosan Daniel Jacob Radcliffe
Miyos 23 Juli 1989 (umur 22)
Flag of Inggris London
Pakaryan Aktor
Taun aktif 1999—samenika

Daniel Jacob Radcliffe (lair ing London, Inggris, 23 Juli 1989; umur 22 taun) inggih menika satunggalipun pemeran saking Inggris ingkang misuwur amargi maragakaken paraga Harry Potter.[1][2] Daniel menika putranipun Alan Radcliffe lan Marcia Gersham.[1] Panjenenganipun dados aktor ingkang dados aktor paling sae saking taun 2003 ngantos taun 2006.[1] Daniel sampun miwiti maragakaken paraga Harry Potter wiwit umuripun nembe 11 taun.[1] Karakter Harry Potter dipunakeni dening Daniel, memper kaliyan karakteripun piyambak ing saben dintenipun.[1] Daniel main film Harry Potter kaliyan kalih kancanipun ingkang asmanipun Rupert Grint ingkang maragakaken paraga Ron Weasley lan Emma Watson ingkang maragakaken paraga Hermione Granger. Wiwit Daniel main film ing film Harry Potter kathah fans ingkang reruntungan langsung dados fanatik dhateng Harry Potter utaminipun tiyang estri. Daniel sampun mbintangi 7 film Harry Potter, inggih menika, (1) Harry Potter and the Sorcerer's Stone, (2) Harry Potter and the Chamber of Secret, (3) Harry Potter and the prisoner of Azkaban, (4) Harry Potter and the Goblet of Fire, (5) Harry Potter and the Order of the Phoenix, (6) Harry Potter And The Half-Blood Prince, (7) Harry Potter and the Deathly Hallows Part 1.[1] Samenika Daniel taksih nglaksanakaken karier pungkasan ing film Harry Potter, inggih menika Harry Potter And The Deathly Hallows Part 2. Amargi sampun main serial film Harry Potter, Daniel dados rumaja ingkang paling sugih ing Inggris.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g (en) Daniel Radcliffe dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)
  2. (id)Inilah Masa Lalu Kelam Pemeran Harry Potter dipunundhuh tanggal 12 Juli 2011)

[sunting] Pranala Njawi

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Daniel Radcliffe ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Daniel_Radcliffe&oldid=669871"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès