Hermione Granger
Cithakan:Kotak info karakter Harry Potter
Hermione Jane Granger yaiku sawijining tokoh fiksi karangan J.K. Rowling ana ing Harry Potter.[1]. Ana ing film iki dheweke diperanake dening Emma Watson.[1] Hermione yaiku sawijining murid kang kapilih ana ing asrama Gryffindor yaiku Sekolah Sihir Hogwarts lan mujudake sahabat kang raket karo Harry Potter lan Ron Weasley.[1] Dheweke lair nalika tanggal 19 September 1979 kang ndadekake dheweke dadi siswa paling tua ana ing sekolahane.[1] Kuwi amarga Hogwarts namung nampa siswa kang umure wis sewelas taun nalika mlebu ajaran awal sekolah kuwi tanggal 1 September, lan Hermione isih enom kanggo gabung ing kelas sing lawas.[1]
Hermione ngetoke kemampuan akademis kang luwih dibandingke karo kanca-kancane.[2]. Nanging, dheweke kurang bisa jaga emosine.[2] Dheweke kerep mikir elek karo Ron kang kerep godani.[2] Hermione mripate warnane coklat, rambut ikel coklat, lan untune bagian ngarep kang gedhe. Hermione kalebu murid kang paling pinter ing antarane murid-murid liyane, nanging dheweke rada gumedhe, seneng kaya wong kang sok ngerti sakabehane, lan ora seneng yen dheweke digodani.[2] Harry Potter lan Ron Weasley gumantung banget karo dheweke ing bidang akademis.[2]
