Cartagena de Indias
| Cartagena de Indias | |||
|---|---|---|---|
| Pasawangan Bocagrande | |||
|
|||
| Nickname(s): Kutha Pahlawan Lawang menyang Amérika Kutha Karibia Ibu saka ibukutha Kutha mawa tèmbok Kunci menyang Hindia Kulon Pelabuhan Raja Kutha paling apik kanggo Amérika |
|||
| Departmen | Departemen Bolívar | ||
| Region | Dhaérah Karibia | ||
| Foundation | 1533 | ||
| Pamaréntahan | |||
| • Gubernur | Walikutha Judith Pinedo | ||
| Wewengkon | |||
| • City | 572 km2 (221 sq mi) | ||
| Èlevasi | 1 m (3 ft) | ||
| Populasi (2006) | |||
| • City | 1,239,430 | ||
| • Urban | 1,090,127 | ||
| • Metro | 149,303 | ||
| Website | (Basa Spanyol) Situs Resmi Pamaréntah Cartagena Situs Resmi Pariwisata |
||
Cartagena de Indias (dilafalaké /Cartaˈçena de Indias/ jroning basa Spanyol; jroning basa Inggris biasa dilafalaké /ˌkaːtəˈheɪnə de Indias/ utawa /ˌkaɹɾəˈheɪnə de Indias/), iku kutha pelabuhan sing gedhé ing pesisir lor Kolombia. Ibukutha saka Departemen Bolívar, kanthi populasi 1.240.000 ing pusat kutha lan 1.090.000 ing sakupangé (sensus 2005). Didegaké taun 1533 déning Jendral Don Pedro de Heredia saka Spanyol, lan dijenenngi miturut pelabuhan Cartagena ing Murcia, Spanyol. Kutha iki arupa pusat koloni Spanyol ing Amérika kanthi pambangunan sing impresif ing abad kaping-18 minangka ibukutha de facto saka Sub Karajan Granada Anyar lan uga minangka panyambung komersial lan transportasi ing jaman iku, situasi sing kareflèksikaké saiki lan uga minangka tujuan wisata populèr.
Kutha koloni Cartagena kanthi tèmbok koloni klebu bèntèngé dilebokaké jroning Situs Warisan Donya UNESCO taun 1980 bebarengan karo Lima.
Bab lan Paragraf |
Géografi[sunting]
Lokasi[sunting]
Cartagena ngadhep Laut Karibia ing kulon, Teluk Cartagena ing kidul, lan duwé loro lawang mlebu: Bocachica (Muara Cilik) ing kidul lan Bocagrande (Muara Gedhé) ing lor. Cartagena ana ing 10°25' LU, 75°32' LB (10.41667, -75.5333).[1]
Iklim[sunting]
Amarga papané ing dhaérah tropis, suhu ora tau owah sacara drastis, kanthi suhu rata-rata 32 °C (88.6 °F) lan paling asor 25 °C (77 °F) setaun natas. Cartagena uga duwé kalembaban watara 90%, kanthi mangsa udan sasi Oktober. Cartagena duwé curah udan watara 1000 mm (40 inches) pertaun.
Pamaréntahan[sunting]
Administratif Kutha[sunting]
Wilayah Metropolitan Cartagena diwangun déning:
Matuna[sunting]
Matuna iku wilayah komersial lan kauangan sing paling apik ing kutha iki amarga ana hotèl miwah kayata Hotèl Saint Philip lan resto-resto misuwur.
Kawasan Getsemaní[sunting]
Arupa wilayah sing paling representatif ing Cartagena. Warga Afrika sing didadèkaké budhak biyèn manggon ing wilayah iki. Parque Centenario (Taman Satus Taun) iku papan sing paling apik ing wilayah iki lan dibangun kanggo nengeri kamardikané. Ing wilayah kéné, bakal ditemoni Gedhung Konvènsi Cartagena, Gréja Telu Order lan San Francisco Cloister. Bakal katon uga San Roque lan Gréja Trinitas ing lapangan mawa jeneng sing padha. Kabèh bagéyan Kutha Biyèn duwé arsitèktur sing padha amarga dilingkupi déning tèmbok kutha.
Bocagrande[sunting]
Bocagrande (Muara Gedhé) iku wilayah paling modhèrn ing kutha iki kanthi akèh hotèl, galeri seni lan liya-liyané. Iki mbentuk wilayah saka wilayah tambahan sing diwatesi déning Tanjung Cartagena ing timue lan Laut Karibia ing kulon, ing endi ana El Laguito (Tlaga Cilik) lan Castillogrande (Kastil Gedhé), sing dianyaraké ing wilayah iki. Sing nengsemaké saka dhaérah iki yaiku pesisir lan kauripan wengi. Sadawané Avenida San Martín (Dalan Saint Martin), sing arupa balung mburi wilayah iki bakal diweruhi pusat bisnis, resto lan hotèl.
Tujuan Pariwisata lan Atraksi[sunting]
- Islas del Rosario
- India Catalina
- Undhak-undhakan Gunung La Popa
- El Castillo de San Felipe (Trowongan)
- Kutha mawa tèmbok Cartagena
- Muséum Emas Cartagena
- Istana Pengambilalihan (alias Ruang Panyiksan)
- Pesaréyan Ngisor Lemah
Arsitèktur[sunting]
Cartagena ngalami perkembangan akir-akir iki utamané kanthi pambangunan akèh gedhung pencakar langit. Nalika sasi Oktober 2007 waé kacathet 42 gedhung nembé dibangun klebu gedhung paling dhuwur ing Kolombia, Torre de la Escollera. Gedhung anyar iki direncanakaké rampung awal 2007 kanthi kadhuwuran 676 kaki (206 m) mawa 58 lantai.
Transportasi[sunting]
Budaya Populèr[sunting]
- Cartagena ngalami éra modhèrn kanthi film Romancing the Stone taun 1984 nalika novèlis Joan Wilder (Kathleen Turner) nuju Cartagena ngenteraké péta harta karun jroning usaha panylametan seduluré sing diculik. Lokasi Cartagena ing film iku dijupuk ing Meksiko kanggo alasan kaamanan saéngga ora nggambaraké Cartagena sing asli.
- Bab pisanan novèl Brian Jacques Préntah Malaikat lokasiné ing Cartagena taun 1628.
- Film Love in the Time of Cholera sing disiaraké ing Amérika Sarékat tanggal 16 November 2007 dijupuk ing Cartagena.
- Film The Mission diluncuraké taun 1986 karo Robert De Niro kanthi lokasi ing Cartagena lan Brasil.
Kutha kembar[sunting]
- Santiago de Cuba, Kuba
- San Francisco de Campeche, Meksiko
- Veracruz, Meksiko
- Sevilla, Spanyol
- Cartagena, Spanyol
- San Cristóbal de La Laguna, Spanyol
- Cádiz, Spanyol
- St. Augustine, Amérika Sarékat
- Coral Gables, Amérika Sarékat
Réferènsi[sunting]
- ^ National Geospatial Intelligence Agency, Country Files (GNS)