Bom Jakarta 2009
| Bom Mega Kuningan 2009 | |
|---|---|
Keluk sawisé jeblugan bom |
|
| Lokasi | Jakarta, Indonesia |
| Sasaran | Hotel Ritz Carlton lan JW Mariott ing kawasan perkantoran Mega Kuningan, Jakarta |
| Tanggal | 17 Juli 2009 7:45pm – 7:47pm (UTC+7) |
| Jinis serangan | durung diweruhi |
| Tiwas | 9 (sauntara) [1] |
| Tatu | 49 (sauntara) [1] |
| Pelaku | durung diweruhi |
Bom Jakarta 2009 iku prastawa jeblugan bom ing hotèl Ritz Carlton lan JW Mariott ing kawasan Mega Kuningan, Jakarta, Indonesia. Loro bom njeblug watara jam 07:45 tanggal 17 Juli 2009. Bom pisanan njeblug jam 07:45[2] ing sangarepé hotèl JW Mariott ngrusakaké bagéyan lobi hotèl[3]. Bom kaloro njeblug jam 07:47 ngrusak lantai 2 lan 3 hotèl Ritz Carlton sing mung let watara 50 m saka hotèl JW Mariott. Sumber wiwitan nyebutaké 9 iwa korban tiwas lan 49 wong tatu.[1]
Hotèl JW Mariott tau dadi targèt bom bunuh diri ing tanggal 5 Agustus 2003 sing niwasaké 12 jiwa lan 150 tatu.
Hotèl Ritz Carlton diweruhi bakal dadi papan nginep tim Manchester United sing bakal nganakaké pertandingan karo tim Indonesian All Star tanggal 20 Juli 2009, déné Tim Indonesian All Star nginep ing Hotèl JW Marriot.[4].
|
|||||||||||||||||||||||
Bab lan Paragraf |
[sunting] Korban tiwas
Informasi wiwitan nyebutaké yèn 9 jiwa korban tiwas antara liya saka:
- 1 jiwa (petugas keamanan[5])
- 1 jiwa (Timothy MacKay - Presiden Direktur Holcim Indonesia)
- 3 jiwa (Nathan Verithy, Craig Sanger[6], John Gear Rufer McEvoy[7])- 4 jiwa durung kaidèntifikasi
[sunting] Réaksi
- Presiden Indonesia Susilo Bambang Yudhoyono mratélakaké " prihatin banget ngenani anané insiden iki".[8]
- Manajemen Manchester United langsung mbatalaké tur ing Jakarta minangka tindakan preventif kanggo keamanan.[9]. Pihak Manchester United dhéwé mratelakaké getun banget ora bisa teka ing Jakarta. [10]
[sunting] Referensi
- ↑ a b c http://www.detiknews.com/read/2009/07/17/105442/1166832/10/korban-tewas-jadi-9-orang
- ↑ http://www.detiknews.com/read/2009/07/17/114256/1166887/10/bom-meledak-di-marriott-panglima-tni-diminta-balik-ke-jakarta
- ↑ http://www.detiknews.com/read/2009/07/17/091941/1166747/10/ledakan-pertama-berasal-dari-jw-marriott
- ↑ Timnas Indonesia Lolos dari Ledakan Bom, detik.com
- ↑ http://www.detiknews.com/read/2009/07/17/092027/1166749/10/seorang-petugas-keamanan-hotel-jw-marriott-tewas
- ↑ Korban Bom Dipindahkan,Liputan6
- ↑ Satu Lagi Korban Bom Marriott Teridentifikasi, Liputan6
- ↑ "Bombs explode at Jakarta hotels", The Sydney Morning Herald, 2009-07-17. diaksès tanggal 2009-07-17.
- ↑ [1]
- ↑ [2]
[sunting] Pranala jaba
Koordinat: 6°13′33″S 106°49′38″E / 6.225758°S 106.827139°E