Biologi molekular

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

biologi molekular

Biologi molekular utawi ingkang dipunsebat ugi biologi molekul inggih punika salah satunggaling elmu ingkang ngrembag babagan pagesangan makhluk urip ing skala molekul. Punika ugi kalebet panalitèn bab interaksi molekul wonten ing badha urip lan lingkunganipun, mliginipun bab interaksi saking manéka warna sistem wonten ing salebeting sel, kalebet interaksi DNA, RNA, lan sintesis protein, lan kados pundi interaksi kasebat dipunatur. Bidhang punika ugi tumpang tindhih kaliyan bidhang biologi (lan kimia) sanèsipun, mliginipun bab genetika lan biokimia.[1]

Sujarah Biologi Molekular [sunting]

Sanajan ta sampun kathah nonjol ing bidhang èlmu pengetahuan kontemporer, biologi molekuler inggih kalebet dhisiplin elmu ingkang taksih kalebet enem, ingkang asalipun saking taun 1930- nan lan 1940- nan lan dipunbentuk lembaganipun ing taun 1950- nan lan taun 1960- nan. Kedahipun sampun boten damel tiyang penasaran, bilih kathahipun masalah filosofis wonten ing elmu biologi molekuler wonten gegayutanipun sanget kaliyah sujarah. Ing ngandhap punika wonten sktesa sekawan aspek ngrembakanipun biologi molekuler punika, inggih punika ingkang kaperang saking asal- usulipun, perkawis- perkawis klasik, migrasi salajengipun dhateng domain biologis sanesipun, lan giliranipun langkung enggal kangge genomik lan pasca genomik. Hisioriografi kasugihaning biologi molekuler namung saged dipunginaaken kanthi singkat wonten ing sujarah singkat. (Saged dipuntingali wonten ing, Abir-Am 1985, 1987, 1994, 2006; Burian 1993; de Chadarevian 2002, 2003, de Chadarevian dan Gaudilliere 1996, de Chadarevian dan Strasser 2002, Holmes 2001, Judson 1980, 1996, Kay 1993; Morange 1998; Olby 1979, 1990, 1994, 2003; Rheinberger 1997, Sapp 1992, Sarkar 1996a, Witkowski 2005;. Zallen 1.996 Juga melihat account otobiografi oleh ahli biologi, seperti Brenner 2001, Cohen, 1984; Crick 1988; Echols 2001, Yakub 1988; Kornberg 1989, Luria, 1984; Watson 1968, 2002, 2007;. Wilkins 2003).[2]

Gayutanipun kaliyan èlmu hayati "skala-mlekul" sanesipun [sunting]

Para panaiti biologi molekular ngginakaken teknik- teknik khusus ingkang dados khasipun biologi molekular, namun sak punika saged kanthi nggathukaken teknik- teknik kasebat kanthi teknik lan gagasan- gagasan saking genetika lan biokimia. Kanthi umum gayutanipun bidhang- bidhang kasebat saged dipungambaraken kados mekaten:

  • Biokimia, inggih punika nliti zat- zat kimia lan proses- proses vital ingkang kadadosan wonten ing makhluk gesang.
  • Genetika, inggih punika nliti saking efek pabédan bab genetik wonten ing makhluk gesang (tuladhanipun ngaji bab mutan).
  • Biologi molekulat, inggih punika nliti wonten ing skala molekul saking proses replikasi, transkripsi, lan [[translasi bahan genetik.

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ (en)Molecular Biology of the Cell, 4th edition (dipunundhuh tanggal 8 Pebruari 2013)
  2. ^ (en)Molecular Biology (dipunundhuh tanggal 8 Pebruari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Biologi_molekular&oldid=843141"