Binturung

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Binturung
Binturung, Arctictis binturong
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Mammalia
ordo: Carnivora
kulawarga: Viverridae
Subkulawarga: Paradoxurinae
Genus: Arctictis
Temminck, 1824
Species: A. binturong
Jeneng binomial
Arctictis binturong
(Raffles, 1821)

Binturung (Arctictis binturong) yaiku sejenis musang kang awaké gedhé, anggota suku Viverridae. Pira-pira dialèk Melayu nyebuté binturong, menturung utawa menturun. Sajroné bahasa Inggris, kéwan iki disebut Binturong, Malay Civet Cat, Asian Bearcat, Palawan Bearcat, utawa sacara ringkas Bearcat. Menawa amerga karnivora kang nduwèni wulu ireng iki rupané mèh pdha beruang kang buntuté dawa, sawentara uga nduwéni bréngos akéh lan lan dawa kaya kucing (bear: beruang; cat: kucing).[1]

Deskripsi[sunting | sunting sumber]

Musang kang buntute gedhi dawa lan awake gedhi. Dawa ndas lan awak antarane 60 nganti 95 cm, ditambah buntute kira-kira 50 nganti 90 cm. Bobote sekitar 6 nganti 14 kg, malah nganti 20 kg.

Rambute dawa lan kasar, warnane ireng sekabehane utawa rodok coklat, kanti mbun-mbunan rodok putih utawa rodok abang. Ing pira-pira pucuke kuping ana rambut kang dawa. Buntut berambut akeh lan dawa, utamane ing bagiyan kang cepak bongkot, sahingga katon lemu. Buntut iki isa digunakake kanggo gojengan ing pang (prehensile tail), minangka ‘sikil kelimane’.

Binturung wedok nduweni pseudo-penis utawa KONTHOL palsu, salah sijine organ khas kang langka ditemonii.[2]

Kebiasaan lan Persebaran[sunting | sunting sumber]

Kayata umume musang, binturung utamane aktif ing wayah wengi. Ing sak nduwurue wit-witan (arboreal) utawa uga mudun marang lemah (terestrial). Kadang-kadang ana uga kang tangi lan aktif ing wayah awan.

Najan kalebu bangsa Carnivora, kang artine tukang mangan daging utawa pemangsa, pakane binturung kang utama yaiku buah-buahan mateng ing alas, kayata jenis-jenis ara (Ficus spp.). Kewan iki uga mangan pucuk lan godhong wit-witan, endog, lan kewan-kewan cilik kaya dene manuk lan kewan pengerat.

Piter menek lan mlompat saka pang siji marang pang liyane, binturung biasane obah tanpa kesusu ing sak nduwure wit. buntute digunakake minangka keseimbangan, utawa kadang-kadang gocekan wondene nalika nggayuh panganan ing pucuk pang. Cakare tajem banget lan melengkung, memungkinkanake kanggo nyengkrem pepagan kanti kuat. Sikil mburine isa diputer memburi kanggo nggujengi pang wit, sahingga binturung isa mudun kanti cepet kanti ndas luwih ndisik.

Binturung ngetokake kaya ambu, kayata umume musang, saka kelenjar ing ngisor pangkal buntute. Ambu iki digunakake kanggo menehi tetenger wilayah kekuasaane. Kewan wedok nglahirake 2-6 anak, ska wise meteng kurang luwih 91 dina.

Binturung nyenengi alas-alas primer lan sekunder, amung kadang-kadang wae ditemukake ing kebon ing pinggir alas.

Kewan iki nyebar amba mulai saka dataran duwur Sikkim ngati tekan Tiongkok sebelah kidul, Burma, Indochina, Semenanjung Malaya, Sumatra, Jawa, Kalimantan lan Palawan.

Konservasi[sunting | sunting sumber]

Binturung enom diengu dening Wong Asli ing Taman Negara, Malaysia.

Ing desa-desa pinggiran alas, binturung kerep diengu minangka kewan kesakangan (pet). Wong nyekel nalika kewan iki isih cilik lan mbiasakake karo kahanane manungsa. Kanti diengu kang apik, binturung isa nyandak umur 20 tahun sajrone kurungan.

Selaras kanti berkembange perdagangan, binturung uga didol ing pasar-pasar manuk iing kota. Sakliyane iku, kang luwih mengancam kelestarian populasine ing alam, binturung uga diburu kanggo dijupuk kulite kang kang anan wulune kandel, lan di dimanfaatake bagiyan-bagiyan awake minangka bahan obat tradisional (jamu).

Ancaman liya teka saka kerusakan lingkungan ing alas-alas ing wilayah tropis minangka akibat pembalakan kang serampangan. Rusake alas ngakibatake rusake habitat binturung, sahingga populasine ing alam terus mudun. Saiki binturung kalebu kewan kang dikhawatirake kelestariane, lan dilindungi dening undang-undang negara Republik Indonesia.



Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Ditulis dengan bahan-bahan dari Wikipedia bahasa Inggris, dan beberapa rujukan berikut:

  • Corbet, G.B. and J.E. Hill, 1992, The Mammals of the Indomalayan Region: a systematic review. Nat. Hist. Mus. Publ. and Oxford Univ. Press.
  • Cranbrook, Earl of., 1987, Riches of the Wild: land mammals of South-east Asia. Oxford Univ. Press, Singapore. ISBN 0-19-582697-3
  • Payne, J., C.M. Francis, K. Phillipps, dan S.N. Kartikasari. 2000. Panduan Lapangan Mamalia di Kalimantan, Sabah, Sarawak & Brunei Darussalam. The Sabah Society, Wildlife Conservation Society-Indonesia Programme dan WWF Malaysia. ISBN 979-95964-0-8
  • Tweedie, M.W.F. and J.L. Harrison, 1988, Malayan Animal Life, Longman, Petaling Jaya, Selangor Darul Ehsan. ISBN 0-582-69449-3

Pranala luar[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Binturung&oldid=835781"