Basa Hongaria
| Hongaria (Magyar) | |
|---|---|
| DItuturaké ing: | Hongaria lan 10 negara liyané |
| Wilayah: | -- |
| Gunggung penutur: | 14.5 Juta |
| Peringkat Basa: | 66 |
| Kulawarga Basa Klasifikasi: |
Basa-basa Ural Fino-Ugrik |
| Status Resmi | |
| Basa Resmi di: | Hongaria |
| Ditata déning: | -- |
| Kodhe Basa | |
| ISO 639-1 | hu |
| ISO 639-2 | hun |
| SIL | HNG |
Basa Hongaria utawa jroning basa saenggon disebut Magyar (waca: mojor) iku minangka anak cabang basa-basa Fino-Ugrik. Dipituturaké déning 14 yuta jiwa, lan 10 yuta ing antarané urip ing Hongaria. Basa iki dituturaké ing kawasan-kawasan kaya Rumania, Slowakia, Austria, Serbia, Kroasia, Slovenia lan Ukraina.
Bab lan Paragraf |
Sajarah Basa Hongaria [sunting]
Leluhur bangsa lan basa Hongaria dikira asal saka Siberia kanthi jeneng Onoguoroi. Nanging asal-usulé isih durung cetha lan angèl dibuktèkaké.
Anajuga sing nyantholaké hubungan antara basa Hongaria karo basa kaum Hun sing tau nguasani padhang rumput Asia Tengah nganti Eropah. Nanging bab iki uga isih dadi pitakonan.
Klompok Basa [sunting]
Basa Hongaria digolongaké jroning basa Finno-Ugrik. Sing narik kawigatèn amarga basa iki sarumpun karo basa-basa ing kawasan Siberia sing let-ééwon mil saka Hongaria. Basa-basa sing mèmper karo basa Hongaria iki antara liya Khanty, lan Mansi sing dituturaké ing Rusia.
Wilayah Sebar Tutur [sunting]
Basa Hongaria dituturaké ing negara-negara iki :
| Negara | Penutur |
|---|---|
| Hongaria | 10,298,820 |
| Rumania (utamané Transylvania) |
1,700,000 - 3,000,000(X) |
| Slowakia | 597,400 |
| Serbia-Montenegro (utamané Vojvodina) |
293,000 |
| Ukraina | 187,000 |
| Israel | 70,000 |
| Austria (utamané Burgenland) |
22,000 |
| Kroasia (utamané wilayah Osijek, Vukovar) |
16,500 |
| Slovenia | 9,240 |
Basa iki uga dianggo déning komunitas Hongaria ing Kanada, Amérika Sarékat lan Australia
Status Resmi [sunting]
Basa Hongaria saliyané dadi basa resmi ing Hongaria, uga dadi salah siji basa resmi ing Uni Eropah. Basa iki uga dadi salah siji basa resmi ing Vojvodina, Serbia lan diakoni senadyan ora resmi ing Rumania.