Anna
| Santa Anna | |
|---|---|
|
Kenya Maria lan Yésus, sesarengan Santa Anna |
|
| Ibunipun Kenya Maria | |
| Miyos | {{{birth_date}}} |
| Tilar donya | {{{death_date}}} |
| Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma; Gréja Ortodoks; Gréja Anglikan; Gréja Katulik Wétan; |
| Dinten pèngetan | 26 Juli |
| Atribut | Buku, lawang, sesarengan Maria, Yésus, utawi Yoakhim |
| Pangreksa | tukang kayu; anak yatim piatu; éyang kakung lan éyang putri; para ibu; |
Santa Anna, miturut tradhisi Katulik, punika ibunipun Bundha Maria, ingkang arupi ibunipun Yésus Kristus.[1][2] Ing salebetipun buku-buku ingkang dipunginakaken tiyang-tiyang Kristen nalika abad kaping 2, nami Santa Anna sampun kawentar.[2] Miturut tradhisi salebetipun palakramanipun kaliyan Santo Yoakhim, awalipun kekalihipun boten énggal kagungan putra.[2][1] Kekalihipun teras sembayang dhumateng Gusti supados saged kagungan putra.[2][1] Santa Anna janji menawi kekalihipun pikantuk putra, mila putra puniku badhé dipunpisungsungaken dhumateng Gusti.[2][1] Pngkasanipun Gusti njawab panyuwunan Santa Anna lan garwanipun, saéngga kekalihipun pikantuk putri ingkang dipunparingi asma Maria.[2][1] Ing tembé wingking Maria bakal ngandhut Yésus Kristus.[2]
Santa Anna lan Santo Yoakhim gesang ing Palestina.[2] Perkawis kepripun kagesangan sabendintenipun kekalihipun, boten dipunkawruhi kanthi pesthi.[2] Santa Anna dipunurmati minangka pangreksa kaum ibu.[2]
Réferènsi [sunting]
Pranala njawi [sunting]
- Saint Anne at Patron Saints Index
| Wikisource gadhah artikel ing Ènsiklopèdhi Katulik tahun 1913 St. Anne. |
- Brief American Catholic article on "Sts. Joachim and Ann"
- "Anna, Grandmother of Jesus" by Claire Heartsong
- St. Anne page at Christian Iconography
- "Here Followeth the Nativity of Our Blessed Lady" from the Caxton translation of the Golden Legend
- The Protevangelium of James
- The Gospel of Pseudo-Matthew