Urashima Tarō

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan potret Urashima Tarō déning Utagawa Kuniyoshi

Urashima Tarō (浦島太郎?) punika legenda Jepang babagan satunggaling warigaluh anama Urashima Tarō [1]. Piyambakipun dipunundhang dhateng Astana sagara (Pura Ryūgū) bibar nylametaken bulus. Urashima Tarō piyambak punika ateges "laré jaler saking pulo" [2].

Wonten ing cathetan sajarah Provinsi Tango (Tango no kuni fudoki) wonten carita kanthi irah-irahan Urashima no ko (浦嶼子?)[1][pranala mati permanèn], nanging nyariosaken bidadari cacah wolu ingkang mandhap saking langit. Kajawi punika, kisah Urashima Tarō mau ing Nihon Shoki lan Man'yōshū[3]. Carita ingkang sapunika dipunkenal tiyang kalebet versi Otogizōshi asal saking jaman Muromachi. Kados kathahipun carita rakyat, manéka tlatah ing Jepang gadhah carita versi piyambak babagan Urashima Tarō.

Pagesangan Urashima Tarō ing Astana Laut kados dipuncariyosaken ing Otogizōshi dipunanggep trep tumrap laré-laré, saéngga dipuntugel nalika dados carita laré. Nalika taun 1910, Kementerian Pendidikan Jepang mlebetaken carita Urashima Tarō dhateng buku teks resmi kanggé murid kelas 2 Sekolah Dasar lajeng tetep wonten ing buku teks 40 taun.[3]

Lelampahaning carita[besut | besut sumber]

Versi Otogizōshi[besut | besut sumber]

Ing Provinsi Tango, wonten satunggaling warigaluh anama Urashima Tarō. Ing sawijining dinten, piyambakipun kesah mancing, nanging ingkang kénging pancingipun punika bulus. Tarō ngeculke penyu punika dhateng sagara mengeti bilih bulus punika saged gesang dumugi 10.000 taun saéngga rumaos welas manawi dipunpateni. Salajengipun wonten wanita ingkang dugi ing pasisir kanthi ngginakaken prahu. Satunggaling tetua nyuwun supados Tarō nyambut wanita mau ingkang sajatosipun pelayan putri. Minangka raos panuwunipun awit saking nulungi bulus, Tarō dipunundhang dhateng Astana Laut. Kalihan pelayan putri, Tarō nitih prahu tumuju Astana Laut. Taro gesang wonten ing mriku 3 taun. Amargi rumaos kuwatir kaliyan tiyang sepuhipun, Tarō nyuwun kondur marang kampung. Sang putri banjur ngaku bilih piyambakipun punika bulus ingkang naté dipuntulung déning Tarō. Minangka bebungah kanggé pisah sang putri maringi kotak perhiasan (tamatebako). Nalika dugi ing kampungipun, (tamatebako) boten manggihaken désanipun kala rumiyin lan tiyang sepuhipun sampun séda. Taro rumaoosh sisah lajeng mbikak kotak saking putri. Saking kotak punika medal kukus kaping tiga lan Tarō dados manuk jenjang lajeng mabur ical.

Versi turunan saking Otogizōshi[besut | besut sumber]

Nelayan anama Urashima Tarō nulung bulus ingkang nembé dipunsiksa kaliyan laré-laré. Minangka raos panuwun sampun nulung, bulus ngajal Tarō tindhak dhateng Astana Laut. Kanthi nitih bulus kasebit Tarō dhateng Astana ingkang wonten ing dhasaring sagara. Ing mriku Tarō kepanggih kaliyan putri anama Putri Oto. Tarō wonten ing mriku naming pinten dinten lajeng ngersakaken kondur ing désa nanging Putri Oto boten purun. Tarō tetep ngersakaken kondur lan Putri Oto maringi (tamatebako), ugi paring dhawuh supados kotak punika boten dipunbikak. Dugi ing désanipun sadaya tiyang ingkang dipunkenal kaliyan Tarō sampun boten wonten. Lajeng Tarō mbikak kotak saking Putri Oto medal kukus saéngga Tarō dados tiyang kakung ingkang sampun sepuh. Miturut petangan wekdal ing dhasar samodra, Tarō namung wonten ing mriku pinten dinten kemawon nanging petangan ing dharatan Tarō kesah 700 taun. Ing versi punika, nasib Tarō salajengipun boten dipuncariyosaken.

Versi Man'yōshū[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Urashima Taro[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
  2. Urashima Taro dan Penyu laut[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
  3. a b Nihon minwa no kai (ed.) (1991). Guidebook nihon no minwa. Tokyo: Kodansha. ISBN 4062045958. {{cite book}}: |author= has generic name (pitulung)

Pranala njawi[besut | besut sumber]